Waosan : Markus 12 : 28 – 34
Pepujian : KPK 165 : 1, 2
Nats : “… Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe.” (Ay. 31)
Pepujian : KPK 165 : 1, 2
Nats : “… Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe.” (Ay. 31)
Punapa kita nate ndedonga kangge tiyang ingkang nguciwani manah kita? Kados-kados ewet sanget, punapa malih bilih tiyang punika sampun damel sakiting manah kita. Kepenginipun kita bales sedaya tumindakipun. Kenging punapa kita ewet paring pangapunten dateng sesami kita? Malah kita kadhang kala ugi ewet ngapunten kalepatan kita piyambak, ugi ewet nampeni cupeting nalar lan kasagedan kita piyambak. Kita asring malah nepsu dhateng dhiri kita piyambak srana mungel: “Aku iki pancen bodho. Kena ngapa aku tumindak mangkono?”

Katresnanipun Gusti Yesus dhateng manungsa tanpa wates (agape). Boten namung kandheg ing pangucap nanging tuwuh saking lebeting manahipun lan maujud ing tumindak nyata sadinten-dinten.
Kita ingkang ngaken dados panderekipun Gusti Yesus, cobi kita tingali gesang kita. Kados pundi anggen kita nresnani sesami kita? Kedahipun kita nresnani sesame lan dhiri kita kanthi tulus lan kebak ing sih pangapunten. Sadaya punika kita tindakaken karana Gusti Yesus sampun nresnani kita srana pangorbananipun kangge kita sedaya manungsa dosa. (AR)
“Katresnan sejati tuwuh saking manah ingkang kebak pangapunten”
Sumber teks : gkjw.web.id
Sumber gambar : http://4.bp.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar