Kamis, 24 Mei 2012

Wonten Pengajeng Ajeng


Waosan : Yokanan 21: 1-14
Pujian : KPK 79 : 1, 2, 3
Nats: “….. jalamu tibakno ing satengene prau,  temah kowe bakal padha oleh. …..”  (Ayat.6)
Salah satunggal bab ingkang ndadosaken manungsa ajrih inggih punika ngraosaken kegagalan. Gagal ing bab punapa kemawon. Usaha (ekonomi), panen, gesang bebrayatan, sekolah, pacaran, didik  putra lan sanes-sanesipun. Kita sadhar menawi gesang punika mboten namung eco sekeco, nyaman, aman kemawon, ananging gesang punika nganut dualisme. Cekakipun mesthi boten wonten tiyang ingkang dereng nate ngraosaken gagal ing lampah gesangipun. Limrahipun, tiyang ingkang ngalami gagal inggih ngraosaken kuwatos lan ajrih badhe nglajengaken gesang. Mengko gek ngene, mengko gek ngono!
Gagal dados pandherekipun Gusti ingkang saestu setya mbok menawi ugi dipunraosaken dening para sekabat rikala semanten. Guru ingkang dipunbekteni sampun seda. Lajeng punapa ingkang badhe dipuntindakaken. Nglajengaken tugas minangka para sekabat? Punapa ingkang badhe dipunlampahi? Ing suasana ingkang mboten tamtu kala wau, para sekabat nglajengaken gesang padintenanipun kanthi pados ulam malih. Sampun sewengi muput ngupados mboten pikantuk ulam babar pisan. Ananging kanthi arahanipun Gusti Yesus, para sekabat saged pikantuk ulam langkung saking punapa ingkang dipunbayangaken.
Mbok menawi sak punika kita kalebet tiyang ingkang ngraosaken gagal. Bab punika ingkang kadangkala dadosken kita ajrih nglajengaken utawi miwiti malih. Cariyos para sekabat ingkang katuntun dening  Gusti kalawau mugi nggigah kita, bilih ing Gusti Yesus wonten pangajeng-ajeng. Pitados  dateng  Gusti Yesus dadosaken kita sadar bilih gesang kita punika wonten ingkang njagi lan ngrimati. Gusti Yesus mboten badhe negakaken kita nandang sisah terus ing salebeting gesang. Ingkang  dipunbetahaken puruna kita katuntun dening Gusti karana ing Gusti Yesus mesthi wonten pangajeng-ajeng. (PKS)
“Gusti mboten kirang margi lan cara mitulungi gesang kita”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar