Kamis, 02 Januari 2014

Bubur Anget


Bacaan: 1Yoh. 2: 28-3: 6
Miturut tiyang Jawi, wulan Januari punika nggadahi artos “Hujan sehari-hari” Artosipun saben dinten jawah. Wanci jawah punika ndandosaken padharan tansah kraos luwe. “Madhu…ang,…madhu…ang (madhang) Wonten ing Jawa Tengah artosipun madhang menika mangan/nedha.
Swanten punika kalawau tangisipun lare alit ingkang nami Poniman, Ingkang keluwen. Tangisipun inggih saestu mrihatosaken sak sintena ingkang mireng. Tangginipun mireng lan cluluk dhateng anakipun: “Le…thole, metua njaba sapa kang nangis kae ?” “Nggih mbok” wangsulanipun lare kalawau ingkang ugi nenggani tiyang sepuhipun ndamel bubur. Lare kalawau lajeng cluluk dateng tiyang sepahipun, “Mbok-mbok, ingkang nangis kalawau Poniman, kok ketingalipun keluwen.” “Wis nek ngono bubur sak piring iki terna kanggo Poniman.” Sasampunipun dipun teri bubur menika sampun mboten kepireng malih tangisipun Poniman.
Waosan ing inggil kalawau nedahaken bilih kesang kita kedah nggadahi piwelas (kepedulian) dumateng sesami. Kita dipun dawuhi lan dipun prentah supados paring tedha dateng tiyang ingkang mbetahaken. Dados mboten cekap yen kita namung ndongaaken. Punapa malih yen saweg nampeni tedhan (berkah) saking Gusti lajeng kita ndedonga “…biarlah Tuhan sendiri yang memberkati mereka”. Pandonga punika mekaten mboten patut. Menika rak sami mangsulaken dhawuh prentahipun Gusti punika dhumateng Gusti malih.
Sumangga kula lan panjengengan nglampahi punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Yesus tumrap para murid. Dados menawi kita manggihi sedherek kita ingkang mbetahaken pambiyantu kita arupi punapa kemawon. Kita saged nyonto illustrasi ingkang inggil kalawau arupi sepiring bubur kemawon saged ndadosaken Poniman mboten luwe lan nangis malih. Mugi Gusti mberkahi kita sadaya. [DG]
“Mugi Gusti mitulungi kawula kangge mitulungi tiyang sanes, lan mberkahi kawula kangge mberkahi tiyang sanes”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar