Rabu, 08 April 2015

Pitulunganmu Wis Mesthi Mitulungi?



Waosan: Lelakone Para Rasul 3: 1-10 | Nyanyian: KPK 156: 1,2,3
Nats: “Wong mau banjur mandeng marang karone kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.” (ay.5)
Punapa bentenipun ndelok, nyawang lan mandeng? Tigang tembung punika sami-sami ngginakaken mripat. Ananing tigang tembung punika nyatanipun nggadhahi makna benten-benten. Ndelok punika ateges ningali ingkang sipat hiburan utawi pados informasi. Conto: ndelok TV, ndelok bal-balan lsp. Nyawang ateges ningali kanthi ngolah pikiran. Conto: “Tak sawang-sawang sampean kok mundhak ayu to?” Mandeng ateges ningali kanthi pangajeng-ajeng tumrap punapa ingkang dipun pandeng. Conto, “Wong kuwi mau tak pandeng ae ben krasa.”
Malah ing dunia psikologi, saking mripat saged kabedhèk punapa ingkang wonten ing salebeting manah utawi ugi kapribadènipun. Mekaten ugi kaliyan Rasul Petrus kanthi ningali mripat tiyang kala wau, ingkang mandeng dhateng piyambakipun. Rasul Petrus mangertos bilih pangajeng-ajeng tiyang kala wau mboten namung winates nyuwun sedhekah kemawon ananing sejatosipun tansah ngantu-antu pangluwaran saking sesakitipun. Rasul Petrus mangertos saestu kabetahan punika, lan mboten maringi yatra utawi bandha, awit sanes punika sejatosipun ingkang nglegakaken manah. Ingkang kaparingaken inggih punika sih katresnanipun Gusti ingkang sampun dipun tampeni, lajeng kaedum dhumateng tiyang lumpuh punika murih luwar saking sakitipun.
Paring pambiantu dhateng tiyang sanes punika sae, lan tiyang Kristen pancen kedah mekaten. Saking reraosan punika kita kaemutaken, dereng tamtu pitulungan kita punika nglegakaken tiyang sanes, awit pitulungan kita punika sanes wangsulan ingkang saestu dipun betahaken. Kadhang kala pitutur kita mboten ngedhem suwasana, nanging malah memperkeruh suwasana. Mangga langkung rumiyin kita nitipriksa kanthi saestu punapa ingkang dados kabetahan utami, kanthi telatos mirengaken lan telatos nggatosaken. Upaminipun, nglipur kanthi tembung-tembung panglipuran, kanthi ngraosaken kados pundi katilar seda dening brayat karana kecelakaan. [PKS]

“Ayo tetulung kang nyarasake badan lan ati”
http://www.gkjw.web.id/pitulunganmu-wis-mesthi-mitulungi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar