Bacaan : Keluaran 19 : 1
- 20 | Pujian
: KJ 378
Nats: “… jika kamu sungguh-sungguh
mendengarkan firmanKu dan berpegang pada perjanjianKu, maka kamu akan menjadi
harta kesayanganKu sendiri…” [ayat 5]
Pada bulan
ketiga setelah orang Israel dikeluarkan dari Mesir mereka tiba di padang gurun
Sinai. Tempat ini diyakini sebagai tempat dimana Allah akan tampak dan bersabda
kepada Musa. Menurut tradisi Yahudi hari itu ialah hari Pentakosta untuk
merayakan diumumkannya hukum Taurat yang mempunyai pengaruh sangat penting
dalam kehidupan bangsa Israel.
Sebagaimana
burung rajawali menangkap anak-anaknya dengan sayapnya agar tak terjatuh ketika
belajar terbang. Demikian juga Allah memperhatikan Israel dan menuntun mereka
dari Mesir ke gurun Sinai. Hal ini menunjukkan kasih Allah kepada Israel yang
seharusnya menjadi dasar dari ketaatan dan kewajiban perjanjian mereka
kepadaNya. Perjanjian tersebut dilandaskan pada kenyataan berupa pembebasan
dari Mesir yang telah diterima Israel karena iman. Kesinambungan umat Israel
sebagai umat Allah tergantung kepada ketaatan mereka kepada Allah. Dalam hal
ini Allah mengharapkan ketaatan mereka agar menjadi bangsa dan umat yang kudus,
dan sebagai rasa syukur menanggapi kasih dan perhatianNya. Posisi tersebut
dimaksudkan bukan hanya untuk kepentingannya bangsa Israel sendiri, tetapi
Allah bermaksud orang-orang Israel dapat bertugas sebagai imam, untuk
menyatakan keselamatan bagi dunia. Tujuan kehadiran Allah di gunung Sinai:
1. Menunjukkan kekudusan, kuasa dan kemahatinggian Allah
2. Membangkitkan iman kepada Allah dan menetapkan kuasa hambaNya Musa
3. Membimbing orang Israel untuk takut dan hormat kepada Allah
sehingga tidak berbuat dosa
Sebagai
orang Kristen kebebasan itu juga diberikan kepada kita oleh Allah melalui Tuhan
Yesus Kristus. Namun demikian kita jangan sampai mempergunakan kebebasan
tersebut sebagai kesempatan untuk kehidupan dalam dosa melainkan untuk hidup
kudus, bermakna bagi orang lain. Kesempatan masih terbuka, mari kita manfaatkan
sebaik-baiknya. [Sri]
“Ketaatan
mendatangkan hikmat dan mujizat yang luar biasa”
Waosan : Pangentasan 16 :
1 – 5, 9 – 15 | Pamuji
: KPK 181
Nats : Dene ing dina kaping nem, samangsa
ngolah apa kang dikukup, iku bakal tikel lorone, tinimbang kang dikukup saben
dinane… [ayat 5]
Ing salah
satunggaling dusun Kristen kala rumiyin, menawi wonten warganing pasamuwan
nyambut damel ing dinten Minggu, lajeng kapatrapan paukuman (arupi: ngempalaken
semen, dendha arta, lsp). Perkawis punika sampun mboten katindakaken ing jaman
samangke. Pramila kathah tiyang pitados tetep nyambut damel ing dinten Minggu.
Cacah jiwa
manungsa ing donya punika saya mindhak kathah. Globalisasi mbekta kabudayan
ingkang mboten sae ugi, kados dene budaya konsumtif, saingan, lsp. Punika
ndadosaken manungsa sami berlomba mbudidaya kabetahaning gesang kanthi
menghalalkan segala cara. Pokokipun kabetahan lan pepinginanipun saged
kacekapan, malah menawi saged nggih lumuber. Tumindak punika mboten dipun
sarengi kaliyan tindak-tanduk mbangun turut kaliyan Gustinipun. Manungsa ugi
sami sumelang ing bab gesangipun, sandang lan pangan.
Bangsa
Israel ugi ngedumel nalika lumampah medal saking Mesir wonten ing ara-ara
samun. Kathah tiyang sami ajrih mboten saged nedha, keluwen. Sami ngedumel
dhateng nabi Musa lan Rama Harun (ayat 3). Nanging Gusti mboten mendel kemawon.
Gusti lajeng paring Manna (roti). Malah roti punika tikel kalih kagem dinten
Sabbat (ayat 19). Punika nedahaken bilih Gusti badhe paring berkah kanthi luber
dhateng tiyang pitados; mboten angsal ngèngèh. Mboten perlu sumelang ing bab
gesang ing tembe. Gusti mesthi mberkahi lan berkah punika lumeber kagem
manungsa ingkang pitados.
Manekawarni
kawontenan lan kabudayan ingkang mboten sae ing jaman samangke mboten saged
kita selaki, nanging tetep kedah kita adhepi. Nanging sampun ngatos punika
ndadosaken kita sumelang. Gusti bakal mberkahi, mboten namung berkah ingkang
limrah, ananging berkah ingkang lumuber. Gusti sampun nyawisaken sedaya
kabetahan kita, lan ingkang dipun cawisaken menika lumuber. Kita namung kedah pitados
lan mbangun turut dhateng ing Gusti. [Yono]
“Kapracayan
kang mantep nyirnakke was sumelang.”
Waosan : Pangentasan
(Keluaran) 14 : 5 - 28 | Pamuji
: KPK 170 : 1 – 3
Nats : “Mangkono Pangeran Yehuwah anggone
muguhake galihe sang Prabu Pringon, raja Mesir iku temah banjur nututi wong
Israel, naging wong Israel lumaku terus katuntun dening asta kang luhur.”
[ayat 8]
Tuntunan
menika kabetahaken dening sedaya manungsa karana kadosa pundi kemawon
kemampuanipun manungsa menika winates. Kados mekaten ingkang dipun alami dening
bangsa Israel. Karana bangsa menika taksih dipun kuwaosi dening Bangsa Mesir
kaliyan rajanipun Sang Prabu Pringon.
Pancen
kawontenanipun mrihatosaken, ing wekdal bangsa Israel medal saking tanah Mesir.
Lajeng sang raja Pringon “banjur ngrakit kretane sarta ngumpulake wadya balane,
mbekta kreta pilihan mematus, malah sakehe kreta satanah Mesir kabeh, padha
ditunggangi para panggedhening prajurit. Anadene wong Mesir lan sakehe jaran
lan kretane Sang Prabu Pringon, prajurit jaranan lan wadya-balane, padha nututi
wong Israel, anggone katututan nalika padha leren ana ing pinggir segara.”
Nalika Sang Prabu Pringon sampun celak, tiyang Israel sumurup bilih bala tantra
Mesir sami nututi. Temah tiyang Israel ajrih sanget lan asesambat wonten ing
ngarsanipun Sang Yehuwah, mekaten aturipun dhateng nabi Musa: “Punapa amargi
ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados
sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan
damel makaten, panjenengan irit medal saking tanah Mesir? Kula rak sampun sami
matur dhateng panjenengan wonten ing Mesir: kula mugi panjenengan kendelaken
kemawon, kajengipun kula sami ngawula dhateng tiyang Mesir tinimbang kaliyan
pejah wonten ing pasamunan punika.”
Saged dipun
gambaraken sepinten bingung, ajrih lan geteripun bangsa Israel. Ing wingking
sampun celak kaliyan Raja Pringon sesarengan wadya bala ingkang kathah dene ing
ngajeng wonten segara. Kawontenanipun Israel sampun sanget kepepet, pramila
sedaya sesarengan sami asesambat. Tumunten Nabi Musa ngandika: “Pangeran
Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng
bae.” [Bpur]
“Pangeran
Yehuwah mitulungi wong kang kepepet lan sesambat.”
Waosan : Matius 12 : 1 –
6 | Pujian:
KJ 467
Nats : “Atau tidakkah kamu baca dalam kitab
Taurat, bahwa pada hari-hari Sabat, imam-imam melanggar hukum Sabat di dalam
Bait Allah, namun tidak bersalah?…” [ayat 5]
Di sebuah
Sekolah Luar Biasa (untuk siswa cacat mental) terjadi pertengkaran. Si A
melaporkan kepada gurunya bahwa si B menggigit kupingnya sampai berdarah. Si
Guru bertanya kepada si B: “Apakah benar kamu menggigit kuping si A?” Tetapi si
B menjawab dengan mesam-mesem: “Ti…iii….dak!” Si A tetap ngotot bahwa si B
telah menggigit kupingnya. Guru itu sekali lagi menanyakan kepada si B. Tetapi
si B tetap saja menjawab: “Ti…ii…dak! O…o…rang di..ii..a se..se..en..diri
ya..ng me…nggiii..git ku..u..pingnya.” Si guru bergumam dalam hatinya ‘dasar
anak cacat, mana mungkin orang menggigit kupingnya sendiri.’
Demikianlah
orang suka tidak sadar atau tidak mau mengakui kesalahannya, tetapi berusaha
mencari kesalahan orang lain. Demikianlah sikap orang-orang Farisi dalam bacaan
kita hari ini. Mereka selalu berusaha mencari kesalahan Yesus atau
murid-muridNya. Sehingga, dalam cerita ini, ketika melihat murid-murid Yesus
memetik gandum dan memakannya pada hari Sabbat, mereka spontan menyalahkan
Yesus. Sikap mereka yang suka mencari kesalahan orang lain itu didorong juga
oleh ketidaksukaan mereka terhadap Yesus. Sikap benci mereka membuat mereka
memandang segala sesuatu yang dilakukan dan dikatakan oleh Yesus dan
murid-muridNya selalu salah, tanpa menyadari bahwa golongan mereka sendiri juga
melakukan kesalahan, bahkan kesalahan yang lebih besar.
Tuhan Yesus
menyebut Daud dan para pengikutnya yang melakukan hal serupa di Bait Allah,
bukan dalam rangka menyalahkan Daud. Dia berusaha memahami orang lapar
yang membutuhkan makanan. Tuhan Yesus juga tidak serta merta menyalahkan para
Imam yang melanggar hukum Sabbat di Bait Allah.
Mari kita
belajar, selalu ingat dan berlatih untuk tidak suka mencari kesalahan orang
lain. Sebaliknya, mari berusaha selalu menyadari kesalahan kita sendiri. [ST]
“Pandanglah
pelaku kesalahan bukan sebagai yang bersalah, tetapi sebagai yang bermasalah
untuk dipahami dan ditolong!”
Waosan : Pangentasan
(Keluaran) 3 : 13 – 20 | Pamuji : KPK 62: 1,2
Nats : “…. Kados pundi wangsulan kawula?….”
[ayat 13]
Wekdal
Pambujanan Suci dhateng para sepuh ing Jumat Agung kepengker, rombongan Majelis
sareng kaliyan priyantun ingkang boncengan. Saking margi ageng tiyang kala wau
nyarengi rombongan. Sedaya sami pitaken sinten priyantun kala wau, ananging
mboten wonten ingkang tepang. Wekdal mlebet gang tiyang kala wau ugi tumut.
Pitakenanipun lajeng malih, “tamune sapa kuwi?” Nanging wekdal rombongan sampun
dugi papan peladosan, tiyang menika mbalik karana marginipun buntu. “Oalah
keblasuk tibake, wong samene akehe kok ora ana sing ditakoni”, celetuk salah
satunggaling Majelis.
Nabi Musa
miwiti timbalanipun ngayahi tanggel jawab ingkang awrat, nuntun bangsa medal
saking satengah bangsa ingkang ageng, rosa lan digdaya. Nabi Musa ketingal
ajrih. Piyambakipun ngrumaosi sanes satunggaling tiyang ingkang kendel lan
pinter diplomasi. Kanthi sadhar dhiri karana rumaos kebak kekirangan,
Nabi Musa lajeng ngunjukaken kathah pitaken dhumateng Gusti. Mbok menawi wonten
perkawis-perkawis ingkang dados sanggahanipun Prabu Prengon utawi saking Bangsa
Israel piyambak. Bab ingkang dipun pitakenaken babagan sinten ingkang ngutus,
punapa buktinipun menawi Musa minangka utusanipun Gusti Allah, lsp.
Cekaking
cariyos, Nabi Musa nindakaken timbalanipun nuntun Bangsa Israel medal saking
tanah Mesir kanthi tuntunanipun Gusti. Kanthi pitaken lan wanuh, ndadosaken Nabi
Musa kendel lan mangertos punapa ingkang kedah dipun lampahi. Lampahipun bener
lan pener.
Pitaken
dhumateng Gusti. Punapa punika taksih dados cara kita menawi wonten perkawis
ingkang karaos buntu? Gusti pancen kasebut ing pandonga-pandonga murih kersa mitulungi,
paring jalan keluar lan ngiyataken. Nanging asring arahanipun mboten kadamel.
Apuranen, dongakna, wenehna pipi tengenmu, tresnanana mungsuhmu, sabara. Punika
arahanipun Gusti. Kisruh ing rumah tangga, kisruh ing pasamuwan pungkasanipun
langkung asring karampungaken kanthi arahan pikiran lan otot. Antemen, walesen,
satrunen. Wusananipun bulan (bubar jalan).
[PKS]
“Pitaken
lan manut arahanipun Gusti ndadosaken gesang kita slamet, mboten keblasuk!”