Kamis, 24 April 2014

Ora Mangu-Mangu Maneh



Waosan : Lukas 24 : 36 – 49  
Pamuji  :
KPK  91 : 1, 3
Nats : “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu?”  (38)

Obat ingkang dipun sade ing pasar samenika mawarni-warni macem lan kasiyatipun. Wonten obat flu, asam urat, pegel linu lsp. Kita kedah waspada lan ngatos-atos karana jaman samangke kathah obat-obatan palsu. Menawi boten ngatos-atos, boten saras malah tambah sakit. Menika ingkang kedadosan kaliyan Bapak NN. Saben-saben piyambakipun rumaos sayah enggal tumbas obat ing warung. Kula piyambak mangu-mangu bilih obat punika asli. Karana obat ingkang dipun sade punika boten wonten ijin saking Departemen Kesehatan. Menapa ingkang kula kuwatosaken kabukti. Bapak NN boten tambah sehat nanging malah tambah sakit. Saking kedadosan punika Bapak NN boten nate tumbas obat ing warung malih.
Raos mangu-mangu nate dipun raosaken para sakabatipun Gusti Yesus. Nalika Gusti Yesus ngatingal dhateng para sakabatipun, sedaya sami kaget lan ajrih. Ing pemanggihipun para sakabat, Gusti Yesus punika dipun wastani memedi. Selajengipun Gusti Yesus nedahaken asta lan sukunipun kangge bukti bilih panjenenganipun wungu. Gusti Yesus ugi ngawontenaken bujana sesarengan para sakabatipun. Ing ngriku, Gusti Yesus ngengetaken malih para sakabat bilih panjenenganipun pinasthi nandhang sangsara lan ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Pungkasanipun Gusti Yesus maringi jejibahan dhateng para sakabat supados mawartosaken kratoning Allah. Mawartosaken bab pamratobat, pangapuntening dosa, lan sih rahmating Gusti Allah kangge manungsa.
Paseksinipun Injil Lukas bab wungu lan ngatingalipun Gusti Yesus dados kakiyatan iman kita. Sanajan kita boten ningali Gusti Yesus sacara lair, nanging iman kapitadosan kita boten angsal mangu-mangu. Gusti Yesus tetep gesang ngantos dinten punika. Lumantar Sang Roh Suci, Gusti Yesus tetep makarya ing jagad punika. Menawi kita purun nyelak dhateng Gusti, tamtu kita saged ngraosaken pakaryan lan pangrimatipun Gusti. Pramila sampun ngantos kita mangu-mangu dhateng Gusti Yesus, nanging manteba pitados dhateng Gusti Yesus. (AR)
“Prayogi pitados tanpa ningali tinimbang ningali nanging boten pitados”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar