Selasa, 28 Februari 2012

Angapunten Supados Ingapunten


Waosan: Yesaya 55: 10-11; Mateus 6: 7-15.
Pujian: KPK 319: 2.
Nats: “…….manawa kowe ngapura….., Ramamu… iya bakal ngapura marang kowe.”
Tumraping kita manusa, ngapunten tiyang ingkang kalepatan, nguciwani lan mitunani dhateng kita dados prakawis ingkang boten gampil, malah kapara ewet. Langkung-langkung yen tiyang punika nyakiti lan nyiksa kita, saestu awrat badhe saged angapunten. Nanging angapunten tiyang sanes punika dadosprasarat kita ingapunten dening Gusti.
Kalayan prasarat punika Gusti Yesus arsa memulang kita bab nindakaken katresnan. Katresnan punika ngapunten tiyang ingkang kalepatan dhateng kita, ingkang nguciwani lan mitunani kita, makaten ugi ingkang nyakiti lan nadyan nyiksa gesang kita. Gusti Yesus ngersakaken kita nindakaken punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti dhumateng kita. Kita dipun wulangi supados boten pados “penake dhewe”;supados sampun ngantos kadadosan bilih kita nyuwun lan dipun paringi pangapunten dening Gusti nanging kita piyambak boten purun angapunten tiyang sanes. Yen wonten tiyang ingkang sampun ingapunten dosanipun dening Gusti nanging boten karsa ngapunten tiyang sanes, punika sanes watak Kristen, sanes wataking pendherekipun Gusti Yesus.
Gusti ngersakaken kita angapunten tiyang sanes kados dene Penjenenganipun angapunten kita saking dosa lan kalepatan. Kados pundi ta anggenipun Gusti angapunten kita? Penjenenganipun ngapunten kanthi tulus sucining manahipun; bakda ngapunten, boten ngenget-enget malih dosa kita; boten wonten raos dendam; lajeng nampi kita malih kanthi katresnan, dados rukun malih. Lah makaten punika yen kita ngapunten tiyang sanes: kanthi tulusing manah, boten dendam lajeng rukun malih.
Tanpa angapunten tiyang sanes Donga Rama Kawula kita boten sampurna. Tanpa purun angapunten tiyang sanes pandonga kita namung ngayawara. Kalayan angapunten kita ingapunten. (STC)
Kang Sampurna wus ngapura kita
Kang ora sampurna wajib ngapura kang ora sampurna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar