Selasa, 21 Februari 2012

Kumandel


Waosan: Yakobus 3: 13-18; Mrk 9: 14-29.Pujian: KPK 116
Nats: “……. mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!”
Wonten satunggaling tiyang ingkang saweg mikul woh-wohan ing pareden tumuju dhateng peken badhe nyade woh-wohanipun. Ing tengahing margi wonten praoto (truk) ingkang nawani nunutan dhateng piyambakipun. Tumunten tiyang punika minggah praoto. Nanging woh-wohanipun tetep dipun pikul, boten dipun salap ing praoto. Piyambakipun dipun oncat-ancitaken praoto ngantos mlocot pundhakipun. Tiyang punika pikantuk pitulungan ning malah sangsara gesangipun awit klentu mapanaken dhirinipun.
Bapakipun bocah ingkang kapanjingan demit bisu punika rupinipun masrahaken putranipun dhateng sakabatipun Gusti Yesus tanpa kinanthenan kapitadosan. Kasebataken bilih malah dhateng Gusti Yesus piyambak kemawon piyambakipun boten yakin, “manawi Panjenengan saged”. Ewasamanten tiyang punika kanthi jujur ngakeni anggenipun boten yakin, lan nyuwun pitulungan: “mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!” Gusti Yesus boten maiben tiyang ingkang mangu-mangu punika, kapara Gusti Yesus mitulungi piyambakipun: “Ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel”
Kadang kala utawi malah asring mbokmanawi kita kirang yakin lan judheg yen saweg ngadhepi pakewet, langkung-langkung prakawis ingkang ageng, nadyan kita sampun masrahaken dhateng Gusti. Namung kemawon kita asring boten jujur, kita ethok-ethok kumandel, kamangka kita bimbang, mangu-mangu. Kita perlu mbudidaya lan nyuwun pitulungan dhateng Gusti supados kita nggadhahi keyakinan lan kapitadosan ingkang kukuh lan ajeg, supados kita saged nyingkiraken raos bimbang. Kita ugi perlu sinau mitados para murid utawi paladosipun Gusti; ugi sinau mitayakaken (mempercayakan) sesanggening jejibahan kita ingkang awrat dhateng tiyang sanes. (STC)
Namung tiyang ingkang nggadhahi kapitadosan lan pasrah ingkang saged ngraosaken ayem tentrem

Tidak ada komentar:

Posting Komentar