Jumat, 24 Februari 2012

Pasa Iku Nindakake Kebecikan


Waosan: Yes 58: 1-9a ; Mat 9: 14-15.
Pujian: KPK 62
Kathah tiyang ingkang kulina siyam. Siyam saben dinten Senin lan Kamis, saben dinten wetonipun, saben wulan Ramadhan, saben dinten Jumat Agung ngantos Paskah, lsp. Kagem tiyang ingkang sampun kulina, siyam punika sanes kuwajiban ingkang awrat. Ewasamanten pamanggihipun tiyang satunggal lan satunggalipun bab siyam punika benten-benten.
Wonten ingkang mastani bilih siyam punika ora mangan – ora ngombe. Sanesipun mastani bilih siyam punika ora mangan – ora ngombe dibarengi mekak hawa raga, tegesipun boten pareng nindakaken piawon. Kados pundi menggah karsaning Gusti Allah bab siyam punika? Siyam ingkang dipun karsakaken dening Gusti Allah nggih punika nindakaken sadengah kasaenan, kados ta:
1.    ngendheg sadaya patrap bengis lan dak siya ingkang nyangsarakaken, ingkang dipun tindakaken dhateng sintena kemawon;
2.    mbrastha sadaya patrap ingkang boten adil ingkang ngiwakaken utawi nyangsarakaken kawula alit;
3.    ngentheng-enthengi lan ngluwari tiyang ingkang kamomodan awrat;
4.    paring tedha dhateng tiyang ingkang kaluwen;
5.    paring sandhangan dhateng ingkang kawudan;
6.    paring papan dhateng ingkang tuna-wisma;
Gusti Yesus sapurug-purugipun lan saben dinten tansah nindakaken wosing siyam ingkang makaten punika. Dados yen makaten Gusti Yesus boten kendel anggenipun siyam. Lah ingging siyam ingkang makaten punika ingkang dipun karsakaken dening Gusti Allah tumrap kita.
Pasa ora mangan – ora ngombe mesthi wonten watesipun, wonten karampunganipun; mesthi mandheg. Nanging siyam ingkang dipun karsakaken dening Gusti ing inggil boten wonten watesipun, boten wonten rampungipun; kedah dipun lampahi saben dinten. Tumindaking sadaya kasaenan punika boten wonten watesipun; kedah dipun lampahi saben dinten; boten pareng mandheg. (STC)
“Ora tumindak ala iku durung mesthi tumindak becik. Ning kabecikan iku mesthi ora tumindak ala.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar