Waosan: Yak
2: 12-18; 2Kor 5: 20 – 6: 2; Mat 6: 1-6, 16-18.
Pujian:
KPK 214
Wonten
satunggaling warga pasamuwan asmanipun Suratno. Tiyang punika sregep sanget
nyawisaken sadaya kaperluan pangibadah Minggu, remen ngintun
kaperluan-kaperluan Panitia-panitia greja nalika nyawisaken kegiatanipun.
Tiyang punika ugi remen dedana dhateng tiyang sanes. Pak Ratno punika watakipun
mendel, boten kathah ngendikanipun. Awit saking tulusing manahipun ing
sadhengah prakawis, tiyang kathah asring ngalembana piyambakipun ing
ngajenganipun tiyang kathah.
Gusti
Allah punika boten nate kepingin utawi nyuwun pinundhi-pundhi dening manusa.
Babar pisan boten. Anggenipun Gusti Allah mawantu-wantu paring kanugrahan
dhateng manusa boten supados asmanipun pinuji-puji. Yen kita memuji lan
mulyakaken asmanipun Gusti rak nggih lair saking manah kita piyambak awit
nyumurupi lan ngraosaken kasaenanipun Gusti ingkang linangkung. Sadaya pakaryan
luhur lan kamirahanipun katindakaken kanthi tulus sucining penggalihipun, lan
namung murih karaharjan lan kabingahaning titahipun.
Makaten
ugi Gusti Yesus ngersakaken kita nindakaken sadaya ukum agami lan sadengah
kasaenan kanthi tulusing manah kita. Sadaya pamrih kedah dipun bucal.
Saben-saben kita nindakaken kautamen, punika kedah namung kadhasaraken anggen
kita mbangun turut dhateng Gusti lan murih karaharjaning tiyang sanes. Pamrih
supados kasaenan kita dipun sumurupi lan supados kita dipun alembana dening
tiyang sanes kedah kita singkiri lan kita bucal.
Pangalembana pancen mbingahaken
manah. Nanging tiyang ingkang remen pamer kasaenan boten badhe pikantuk
pangalembana ingkang tulus. Yen ta pancen wonten pangalembana sacara langsung,
sejatosipun punika namung api-api (boten tulus). Tiyang ingkang pamer
kamursidan boten badhe pikantuk piwales saking Gusti lan manusa, karena
kamursidanipun boten kanthi tulusing manah. (STC)
Namung kasaenan lan kamursidan
ingkang tulus ingkang ngremenaken tiyang kathah lan mranani penggalihipun
Gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar