Kamis, 16 Februari 2012

Ora Mung Weruh, Nanging Bisaa Kenal


Waosan: Markus 8: 27 – 33 Pujian: KPK 195
Nats: …ora diparengake wara-wara bab iku mau marang sapa bae.(ayat 30)
Weruh lan kenal punika bab ingkang boten sami. Contonipun; mbok bilih sedaya tiyang Indonesia sami pirsa menawi Irfan Bachdim punika, blasteran Indonesia Belanda, bintang sepak bola Indonesia ingkang mbela Club Sepak Bola lokal PERSEMA. Nanging boten sedaya tiyang sami kenal dhumateng Irfan Bachdim. PIRSA lan KENAL boten sami bobotipun.
Sedaya tiyang sami pirsa bilih Gusti Yesus punika Sang Kristus, sinebut juru kawilujengan, lan Imam Mahdi ingkang badhe dados Juru Pangadil mangke ing jaman pungkasan. Nanging boten sedaya tiyang tepang dhumateng Gusti Yesus. Menawi kathah ingkang pirsa bilih Gusti Yesus punika salah satunggaling nabi, nanging boten kathah tiyang ingkang pirsa bilih Gusti Yesus Punika Putranipun Allah. Menawi kathah ingkang pirsa bilih Gusti Yesus Punika seda sinalib, boten kathah tiyang ingkang sami pirsa bilih panjenenganipun wungu saking sedanipun. Sami pirsa Gusti Yesus sinalib, nanging boten sadaya pirsa Gusti Yesus saestu sisah, nlangsa lan sangsara sanget. Bab punika karana boten sedaya tiyang sami pitados lan purun ngestoaken dhawuh sabda lan piwucalipun
Menawi karaos-raosaken anggenipun Gusti Yesus boten marengaken para sekabat wara-wara bab sinten Panjenenganipun, wonten satunggal tujuan supados sedaya manungsa ing salumahing bumi punika boten namung pirsa Panjenenganipun, nanging sageda manggihi lan nepangi Gusti sacara pribadi. Awit pirsa lan tepang punika benten pangertosan lan benten maknanipun. Sinten kemawon pirsa dhumateng Gusti Yesus Kristus, nanging namung sekedhik tiyang ingkang tepang lan pitados dhumateng panjenenganipun
Kanthi tepang kaliyan Gusti kang minangka Juru wilujeng kita ndherek pikantuk kawilujengan. Awit ingkang tepang kaliyan Gusti inggih punika tiyang-tiyang ingkang tansah ngestoaken sedaya dhawuh sabdanipun.[GS]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar