Rabu, 24 Oktober 2012

Abdi Kang Setya


Waosan: Lukas 12: 39-48.
Pamuji: KPK 320
Nats: “Begja abdi kang ketemu nindakake kawajibane nalika bendarane rawuh.” (Ayat. 43)
Wiwit jaman wiwitaning greja ngantos samangke kathah tiyang Kristen ingkang sami ngramal rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalihipun. Nanging sadayanipun lepat. Nalika badhe lumebet tahun 2000 kathah tiyang ingkang cecawis yen Gusti Yesus rawuh. Nanging jebul dereng rawuh ugi. Lajeng tuwuh pitakenan punapa saestu Gusti Yesus badhe rawuh malih? “Mengko gek Gusti Yesus ora bakal rawuh maneh?” Kados pundi yen Gusti Yesus rawuh tahun 2012 punika, kados ing film “2012”? Pitakenan punika saged ndamel kendho kasetyan kita dhateng Gusti, kita enak kari enak.
Sanadyan boten saged mesthekaken titi wancinipun, kula saged mesthekaken bilih Gusti Yesus badhe rawuh malih. Titikanipun punapa? Kadosdene Gusti Yesus saestu sampun miyos, seda, wungu malih lan sumengka dhateng ing swarga, Panjenenganipun ugi saestu badhe rawuh malih kados ingkang sampun kadhawuhaken piyambak. Punapa ingkang kadhawuhaken bab seda, wungu lan sumengkanipun sampun kelampahan. Makaten ugi dhawuhipun bab rawuhipun malih mesthi ugi badhe kelampahan. Pramila saking punika kita sampun ngantos lena! Kita kedah tansah siaga sawanci-wanci nampeni rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih.
Sampun ngantos kita kendho ing kasetyan netepi kawajiban kita minangka para abdinipun Gusti Yesus. Sampun ngantos namung sak-sake anggen kita netebi kawajiban kita, dadosa ing brayat kita, ing kantor utawi papan padamelan kita, ing greja utawi pasamuwan, lan ugi ing tengahing masyarakat. Kasetyan kita dhateng semah lan brayat kita kedah manteb. Sampun ngantos nggadhahi raos aras-arasen nindakaken kawajiban lan kegiatan-kegiatan greja utawi pasamuwan kita! Sampun owel dedana lan asung pitulungan dhateng tiyang ingkang kacingkrangan. Sampun ngantos klendran netepi kawajibaning negari. [ST]
“Kadosdene Gusti Yesus saestu sampun miyos, seda, wungu lan sumengka, Gusti Yesus ugi saestu badhe rawuh malih.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar