Selasa, 30 Oktober 2012

Tunggal Sembarange


Waosan : Efesus 5: 22-33.
Pamuji: KPK  312
Nats: “… sakarone dadi daging siji.” (ayat. 31).
Tiyang asring milah-milah gesanging manusa dados daging (tubuh), jiwa lan roh, kajasmanen lan karohanen. Temah kados-kados yen rembagan bab kadagingan punika wonten gandheng cenengipun kaliyan kesukman lan karohanen. Malah nganggep bab kadagingan punika namung sesambetan kaliyan kamanungsan, boten wonten sesambetanipun kaliyan Gusti Allah. Ingkang sesambetan kaliyan Gusti Allah punika namung kasukman lan karohanen.
Kitab Suci kita boten milah-milah kados makaten. Manawi nyebat bab daging, punika ateges nggih bab saranduning / sawetahing gesang kita. Anggen kita sesambetan kaliyan Gusti utawi kaliyan sintena kemawon, nggih kanthi sawetahing gesang kita, boten saged namung karohanen kita kemawon utawi kajasmanen kita kemawon. Contonipun, yen kita ndedonga mesthi nggih kanthi badan, jiwa lan roh kita; boten prayogi kaliyan lumah-lumah (berbaring) mangka saged lenggah utawi jengkeng. Yen kasebat bilih gesang bebrayatan punika dados daging siji, punika boten ateges namung ing babagan badan utawi kadagingan kemawon. Ingkang kedah nyawiji punika nggih saranduning gesang kita, lair sabatine. Conto-contonipun:
1.     Ing bab ekonomi keluarga. Sadaya berkahipun Gusti kedah   kapirsanan, dipun rigenaken (dikelola), dipun ginakaken lan nikamti sesarengan; boten pareng sesingidan. Sadaya barkah dipun paringaken dening Gusti kagem brayat sawetahipun.
2.     Yen wonten momotan / penggalihan (masalah) nggih dipun sanggi   sesarengan, kakung  putri. Sesarengan ngupadi margining kaluwaran, boten “golek dalan, utangan dhewe-dhewe.”
3.     Ing bab kawicaksanan nggulawenthah anak. Bapak lan ibu kedah tunggil kawicaksanan, tunggil margi (cara) lan tunggil sedya lan gegayuhan (tujuan) anggenipun nggulawenthah anak.
Mangga tansah tunggal ati, tunggal karep, tunggal pangajeng-ajeng ing sihipun Gusti. Amin.[ST]
“Susah siji susah bareng, bungah siji bungah kabeh”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar