Waosan:
Galati 2: 1-10.
Pamuji: KPK 319
Nats: “Lan sawuse nyumurupi sih rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi sakaguruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan…” (Ayat. 9)
Manusa
punika boten saged gesang piyambak. Wiwit lair ngantos seda, sedaya tiyang
tamtu mbetahaken tiyang sanes. Mekaten salebeting gesang bebrayatan, ing
tatanan adat jawi, tiyang bebrayatan boten namung nunggilaken panganten
kekalih, nanging langkung saking ngriku ugi nunggilaken brayat kekalihipun.
Ateges sarana neningkahan punika langkung ngraketaken paseduluran ing
antawisipun brayat. Gesang kita ing satengah-tengahing pasamuwan ugi kawastanan
gesang paseduluran. Kita sedaya para pitados dados putranipun Allah. Kita sami
katunggilaken ing Gusti Yesus. Kados waosan sak punika, Paulus, Barnabas lan
Titus sami katampi dening Yakobus, Kefas lan Yokanan dados dulur ing Gusti
Yesus. Pasamuwan ing Yerusalem sami ngakeni lan nganggep bilih Paulus ugi
rasulipun Gusti. Paulus kaparingan kakiyatan saking Gusti kangge martosaken
Injil dhateng sedaya bangsa. Pramila nalika Paulus kondur malih dhateng
Yerusalem, Paulus kasambut kanthi bingah dening para sadulur ing Yerusalem.
Anggen kita ndherek Gusti Yesus kaiket ing paseduluran kanthi dhasar iman lan
katresnanipun Gusti Yesus. Sedaya punika ndadosaken kita saya rumaket dhateng
Gusti. Kita rumaos boten gesang piyambak, nanging gesang ing patunggilan
kaliyan para sadherek tunggil iman. GKJW lumantar sesanti “Patunggilan Kang
Nyawiji” langkung negesaken dhateng kita, punapa kemawon kawontenan kita, Gusti
Allah tansah nunggil gesang kita. Kita boten ijen, nanging kathah
sadulur-sadulur kita, ingkang sami mbantu, ngiyataken ugi paring pitulungan
dhateng kita. Karana punika paseduluran ingkang sampun wonten ing
satengah-tengahing gesang kita mangga saya kita lestantunaken. Kita bangun
karukunan, katresnan, kasaenan ing antawis kita supados paseduluran ingkang
sampun kita raosaken punika saya teguh lan mujudaken kaluhuraning asmanipun
Gusti. Amin (AR)Pamuji: KPK 319
Nats: “Lan sawuse nyumurupi sih rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi sakaguruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan…” (Ayat. 9)
“Paseduluran kang raket dados paseksi sihipun Allah dhateng tiyang kathah”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar