Kamis, 22 Maret 2012

Wangkot


Waosan  : Yokanan 5: 31-47
Pujian     : 
KPK 45: 1, 3
Salah satunggaling pawartos wigatos ing Injil Yokanan inggih punika sesambetan raket ing antawisipun Gusti Allah Sang Rama kaliyan Kang Putra. Kathah sumber ingkang ngiyataken kawontenaning Gusti Yesus minangka putranipun Gusti Allah. Paseksinipun Yokanan, paseksinipun Kitab Suci ingkang salah satunggalipun kaserat dening Nabi Musa, punapa malih pakaryanipun Gusti Yesus ingkang sampun kababar, dipuntingali lan dipunraosaken dening tiyang kathah. Ananging punika dereng cekap kangge mbikak korining manahipun tiyang-tiyang Yahudi.
Punika kahanan ingkang saged dipunwastani wangkot. Sampun gamblang kawontenanipun, ananging boten saged pitados lan langkung remen nggugu pikajengipun piyambak.  Punika kalampahan karana swaunipun bangsa Yahudi punika sampun nggadhahi pamanggih bilih Sang Mesih ingkang luhur, boten saking drajat manungsa limrah kados dene Gusti Yesus.
Wangkoting manah asring sanget karaosaken dening para pitados. Kita sanget mangertos bilih Gusti Allah punika Sang Kristus dados Juru wilujeng. Pranatanipun Gusti Allah punika tumuju dhateng ing gesang langgeng, ndadosaken kasaenaning gesangipun manungsa, lan nebihaken kita saking panguwaosing dosa. Kathah pitedah bab gesang ingkang kita mangertosi lan pitadosi. Aja nyolong, aja gawe seriking liyan, aja nepsu,  tresnanana mungsuhmu, yen ditapuk pipi kiwamu, wenenhna pipi tengenmu lan taksih kathah malih pranatan gesang enggal ingkang kedah kita tindakaken. Asring kita ingkang sampun pitados dhumateng pakaryanipun Sang Kristus boten benten kaliyan para tiyang Yahudi ingkang nggadhahi sipat wangkot. Ngerti ananging ora nglakoni. Ngerti ananging tetep diterak! [PK]
“Watak wangkot nambahi momodan saya abot, manut lan pasrah gawe ati sumringah.”
Sumber Tulisan : gkjw.web.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar