Jumat, 30 Maret 2012

Yen Nunggilan Gusti


Bacaan  : Yeremia 20: 10 -13
KPK        : 145

“Nanging Sang Yehuwah nunggila kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa…”
Sumangga kita gatosaken rerepekanipun KPK (BMGJ) 145 menika:
1. Yen nunggil Ian Gusti rinten dalu
manah langkung tentrem arahayu
Refr :
kula angantya Gusti ratri klayan rina
nyuwun berkah dhuh Gusti , Gusti kula.
2. Yen nunggil lan Gusti jro ginodha,
kula mesthi unggul nglawan dosa,
3. Yen nunggil Ian Gusti kasisahan,
mantun kagentosan kabingahan,
4. Yen nunggil Ian Gusti siyang ratri,
birat najis kula temah suci,
5. Yen nunggil Ian Gusti saged ngertos,
kang dados karsanya ing sayektos,
Pada pundi ingkang dados kareman panjenengan? Kekidungan menika estu elok sanget awit yen gesang kita menika nunggil kaliyan Gusti kita tamtu ngraosaken manah ingkang kebak ing katentreman, unggul sajroning panggodha, kasisahan kagantos kabingahan, najis dados suci lan ingkang elok malih inggih menika mangertos karsanipun Gusti.
Nabi Yeremia ugi ngraosaken perkawis ingkang sami. Nadyan sampun setya dados nabinipun Gusti, nanging tetep ngalami kathah pambengan dalah karibedan malah amcaman. Ewasamanten, krana tansah nunggil kaliyan Gusti sadaya pakewet lan reribed menika sirna awit Sang Yehuwah menika prakasa kados prawira. Menapa panjenengan kersa nampi barkah saking Sang Prakosa menika? Kuncinipun tansah NUNGGIL kaliyan GUSTI. (to2k)
“Sedaya ing alam donya menika utami ananging ingkang langkung utami inggih menika nunggil kaliyan Gusti”
Sumber Teks : gkjw.we.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar