Senin, 10 Desember 2012

Ayeming Pangapunten


Waosan : Lukas 5: 17-26.
Pamuji: KPK 54
Nats: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.” (ayat. 20b)
Tiyang ingkang sampun kesayahan saking panandhang, ngalami sakit, kadhang badhe nindakaken punapa kemawon murih engthenging panandhang lan kasarasaning badan. Umpaminipun, wonten ingkang ngantos minum toya seni (urine), tamtu toya seninipun piyambak. Tumindakipun para tiyang ingkang ngandhapaken tiyang lumpuh sapeturonipun wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus punika nelakaken 3 bab ingkang wigatos, inggih punika:
1.     Tiyang-tiyang punika nggadhahi pangandel ingakng ageng.
2.     Tiyang-tiyang punika nggadhahi raos pasedherekan ingkang raket kaliyan tiyang lumpuh punika saha kebak kawelasan.
3.     Mulihaken sesambetanipun manusa kaliyan Gusti Allah.
Manawi kita jujur, kita sami ngakeni bilih pangapuntening dosa saking Gusti Allah kita punika dados kabetahan kita ingkang utami. Tanpa wonten pangapuntening dosa, kita boten saged ngraosaken tentrem rahayu ingkang sejatos.
Dhawuhipun Gusti Yesus dhateng tiyang lumpuh “He, sadulur, dosamu wis kaapura” boten ateges Gusti Yesus nganggep tiyang punika nandhang sakit lumpuh awit dosanipun (kabandhingna Yok. 9: 2; Luk. 13: 1-5). Nanging kanthi pangandika punika Gusti Yesus sampun paring pangapunten tumrap dosanipun tiyang lumpuh punika. Gusti Yesus boten paring kasarasaning badan, nanging ugi kabetahaning manusa ingkang utami, nggih punika: pulihing sesambetanipun manusa kaliyan Gusti Allah. Dosa ingkang medhot patunggilanipun manusa kaliyan Gusti Allah sampun kasambung malih. Ingkang sakawit lumpuh tur kebak ing dosa, samangke pulih badan lan karohanenipun. Saiba saenipun manawi kita saged ngalami kasarasaning badan lan rinengkuh dening Gusti Allah. Ewasamanten, sumangga blajar rumaos langkung ayem awit dosa kita ingapunten, tinimbang kasarasaning badan. Nadyan nandhang sakit, boten dados punapa, jer kita tansah gesang tetunggilan kaliyan Gusti Allah. Sikap nrima lan pasrah dhateng Gusti Allah punika badhe saged ndadosaken manah kita saestu kraos ayem tentrem. Sikap nrima lan pasrah tuwin ayeming manah punika saged ngentheng-enthengi sesanggen panandhang kita. [Dwt]
“Ora apa-apa lara, sing penting atiku ayem”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar