Selasa, 18 Desember 2012

Ratu Adil


Waosan : Yeremia 23: 5-8.
Pamuji :  KPK  221: 1-3
Nats: “ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe…” (ayat.6)
Tumrap sadaya tiyang ingkang wonten ing karibedaning gesang, janji punika saged dipuntingali minangka pangajeng-ajeng pangluwaran ingkang badhe dipuntampeni. Ananging janji punika ugi saged ketingal minangka abang-abang lambe. Rakyat kados-kados sampun tuwuk, nengga wujuding janji para calon pemimpin rikala orasi(pidato) ing satengahing kampanye wekdal pados dukungan. Ananging sekedhik ingkang saged mujudaken  rerangkening janji-janji kala wau. Pancen menawi janji punika boten kalajengaken bukti nyata, awis-awis tiyang ingkang saged pitados. Boten nggumun menawi wonten tiyang ingkang ngumbar janji, nanging tanpa bukti lajeng malah dipuntebihi. Janji kedah kalajengaken kaliyan bukti nyata. Pitulungan tamtunipun dados satunggal kabetahaning manungsa wekdal ngraosaken panandhang. Mekaten ugi kagem Bangsa Israel anggenipun ngantos-antos pitulungan murih wontena Sang Ratu Adil ingkang jumeneng raja. Lan punika dados satunggaling Janjinipun Gusti Allah, lumantar Nabi Yeremia, ingkang saking trubusipun Prabu Dawud samangke, Yehuda badhe kaluwaran, Israel badhe tentrem gesangipun.
Janji punika boten namung dados isapan jempol kemawon, ananging wonten bukti nyatanipun. Ratu Adil punika tumurun saking swarga, inggih putra ontang-anting Gusti Allah piyambak. Pancen Sang Kristus Yesus punika boten dados Ratu Adil sacara politis kados ingkang dipun antos-antos dening saperangan ageng Bangsa Yahudi. Ananging sacara karohanen ingkang badhe maringi ayem tentrem lahir batin ingkang sejatos.  Tumrap kita para pitados, boten penting Gusti Yesus rawuh kanthi margi punapa, tanpa wadya bala, tanpa raja kaya. Ingkang baken,janji punika nyata, bilih Gusti Yesus, inggih Ratu Adil ingkang sampun pinesthi ngiring para umat nampeni gesang langgeng ing kraton swarga. Sumangga kanthi bingahing manah nyengkuyung kabetahaning pahargyan rawuhipun Sang Ratu Adil punika. [PKS]
Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, wujuding Ratu Adil ingkang digdaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar