Rabu, 26 Desember 2012

Rohing Ramamu Kang Ngandika


Waosan : Mateus 10: 17-22.
Pamuji : KPK 87: 1, 2.
Nats: “Awit dudu kowe kang caturan nanging Rohing Ramamu, kang ngandika lumantar kowe”(ayat. 20)
Adhedhasar sabdanipun Gusti ing dinten punika, wonten paseksi tumrap pitulunganipun Gusti ingkang karaos nyata, ing satengahing gesang pasamuwan. Wonten kathah pasamuwan ingkang kedah pontang-panting anggenipun ngedegaken papan pangibadah. Salah satunggalipun inggih pasamuwan ing GKJW punika. Sampun kirang langkung selangkung tahun greja punika madeg lan sadangunipun wekdal punika boten wonten masalah kaliyan warga masyarakat ing sakiwa tengenipun. Wekdal pasamuwan badhe miwiti anggenipun ngrampungaken kewajiban murih grejanipun pikantuk IMB (Ijin MendirikanBangunan), wonten saperangan warga masyarakat ingkang ngalang-alangi lampahipun. Ngantos satunggaling dinten, dipunwotenaken pirembagan sesarengan murih sedaya saged karampungaken kanthi manah lan pamikiran ingkang padhang dening pemerintah desa.
Ingkang estu mbingahaken inggih pembelaan punika boten medal saking pihak greja, ananging para sedherek lintunipun ingkang sampun sesarengan gesang kirang langkung selangkung tahun kaliyan umat Kristen GKJW punika. Ingkang dipunraosaken kawontenanipun greja punika boten dados ancaman. Malah-malah sampun kathah perkawis kemasyarakatan ingkang ugi dipunrantasi kanthi sangkul sinangkul kaliyan pihak greja. Cekaking carios, proses IMB dipunlajengaken ngantos sarampungipun. Kalair saking raos sokur dipunwontenaken pagelaran ringgit purwa kanthi pambiantu saking warga masyarakat ing sakiwa tengenipun. Punika kabingahan kagem sedayanipun. Pitulunganipun Gusti punika mesthi badhe dipunparingaken kagem sedaya para kagunganipun. Ingkang kedah kita gatosaken punika lampah peladosan kita punika sampun nyunaraken kasaenanipun Gusti lan karaosken dening tiyang kathah punapa dereng? Menawi sampun, boten sisah adu otot, boten kedah nggelar demo. Gusti mitulungi lumantar asil katresnan kita. [PKS]
“Pambudidaya sae, badhe nglairaken asil ingkang sae.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar