Selasa, 04 Desember 2012

Ratu Adil


Waosan : Yesaya 11: 1-10.
Pamuji: KPK 323
Nats: “Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa…” (ayat. 10)
Ing masa Adven gesang kita katujukaken dhateng pangajeng-ngajeng tumrap rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih ingkang jumeneng Ratu Adil ingkang badhe ngadili sedaya tiyang. Kanthi adil lan wicaksana anggenipun ngadili sedaya tiyang. Pangadilanipun Sang Ratu Adil ngengetaken kita supados nggadhahi lampah prayogi, kados:
1.     Ajrih-asih dhateng Yehuwah dadosa kareman kita. Mingangka abdinipun Gusti kita nindakaken pepakenipun Gusti kanthi katresnan. Yenkagodha tindakkorupsi,dursila, kumeren, lsp sanes ajrih dhateng KPK nanging ajrih dhateng Gusti. Kita nindakaken kasaenan awit kita tresna lan dipun tresnani Gusti.
2.     Tansah tumindak adil. Kaadilan sanes perkawis ingkang gampil.Kaadilan saged kawitipun dhateng dhiri kita piyambaksranasikap obyektif anggenipun mbiji dhiri pribadi. Kanthi sadar bilih kita nggadahi kaluwihan tamtu sumedya mitulungi tiyang sanes. Bilih kita dereng sampurna tamtu ndadosaken kita purun dipun sampurnakaken dening tiyang sanes.
3.     Tansah lumampah ing margining bebener lan kasetyan. Sanadyan tiyang sanes remen nrajang bebener lan nilar kasetyan,nanging abdinipun Gusti tansah setya lan ngambah margining bebener.
Sadaya menika kedah kita tindakaken lair trusing batos. Boten namung netepi bebandan (persyaratan) pangadilan supados saged uwal saking paukuman. Nanging katindakna kanthi bingahing manah. Sumangga ing masa Adven menika panganti-anti kita tumrap rawuhipun Ratu Adil ugi ngiyataken lan dadar manah kita supados ugi sagednuladhani sikap lan tindak-tandukipunGusti Panutan kita ingkang kita antos-antos. Mugi lilin-lilin Adven dados pralambang ingkang sayektos bilih batos kita kapadhangan dening pepakenipun Gusti Sang Ratu Adil. Gusti berkahi kita sami. [to2k]
“Ilining toya kang lumintu nadyan alit saged anyenyeger, kasaenan kang lumintu nadyan alit saged maedahi.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar