Jumat, 30 November 2012

Ndherek Gusti Yesus


Waosan :  Mateus 4: 18-22.
Pamuji :  KPK 81
Nats: “Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, Nuli ndherekake Gusti Yesus”(ayat. 22)
Wujud timbalanipun Gusti dhateng para pitados punika mawarni-warni caranipun. Kathah tiyang dados Kristen karana tiyang sepuhipun Kristen. Wonten ingkang karana semahipun tiyang Kristen. Wonten ugi karana piyambakipun nekseni gesangipun tiyang Kristen ingkang kebak katresnan. Nanging sadaya menika karana Gusti Yesus karsa nimbali umat manungsa lan manungsa purun nanggapi timbalanipun Gusti punika kanthi manah ingkang kebak kabingahan. Waosan kita nyariosaken anggenipun Gusti Yesus nimbali para sakabatipun ingkang wiwitan. Nalika Gusti Yesus ing pinggiring seganten Galilea, Panjenenganipun nimbali Petrus lan Andreas ingkang dados juru njala ulam. Sacara status sosial Petrus lan Andreas punika kagolong kelompok ingkang asor, kirang terpandang. Nanging Gusti Yesus nimbali sakabatipun boten mandeng status sosial, nanging manahipun. Mekaten ugi nalika Gusti Yesus nimbali Yakobus lan Yokanan ingkang taksih wonten ing prau ngrencangi bapakipun, Zebedeus.Nalika tinimbalan, para sakabat punikatumunten ndherek Gusti Yesus, ndherek ing pakaryanipun,tanpa mawi tetimbangan utawi alesan punapa-punapa. Kanthi pasrah lan manteb anggenipun sami ndherek ing pakaryanipun Gusti Yesus.
Gusti Yesus sampun nimbali kita dados pandherekipun. Nanging kados pundi anggen kita nanggapi timbalanipun Gusti supados ndherek ing pakaryanipun Gusti? Mangga kita enget-enget, kados pundi isining manah kita ingkang sayektosipun nalika kita pikantuk undangan rapat, nalika kita dipun suwun ngladosi pangabekti, nalika kita dipun pilih dados Pengurus Kelompok utawi Panitia, utawi wujuding timbalanipun Gusti sanesipun? Asring kita nanggapi timbalanipun Gusti boten kanthi pasrah lan manteb. Nanging kanthi warni-warni tetimbangan lan alesan. Malah sok pados-pados alesan ingkang maton supados saged nampik timbalan menika. Kamangka sampun wongsal-wangsul kita nampeni wujuding sih katresnanipun Gusti. Sumangga tansah cumadhang kanthi pasrah lan manteb nampeni timbalanipun Gusti! (AR)
“Sawanci-wanci nampeni timbalanipun Gusti,  sami engeta dhateng sih katresnanipun Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar