Kamis, 22 November 2012

Boten Kendel


Waosan : Lukas 19: 41-44.
Pamuji : KPK 174: 1-3
Nats: “Katresnan iku ……. nyabari samubarang” (1 Korinta 13: 7)
Yerusalem inggih papan ingkang misuwur, dados papan pamujan dhumateng Gusti Allah, tumrap bangsa Yahudi ing pundi-pundi panggenan. Sejatosipun Yerusalem punika dados papan ingkang nekseni sih kamirahanipun Gusti ing satengahing pakaryan kawilujengan ingkang kababar. Ananging kasunyatanipun, pakaryanipun Allah punika katampik lan puncakipun ing satengahing tragedi (kasangsaran) salib. Raos sedhih, semplah ngiring ing satengahing tindakipun Gusti Yesus jumangkah ing kitha punika. Kitha ingkang sejatosipun ngumandhangaken sih  kamirahanipun Gusti lan katresnanipun Gusti, malah nggiring Gusti Yesus dhateng kasangsaran. Awrat sanget raosing manahipun Gusti Yesus wekdal kedah ngadhepi kasunyatan punika. Lajeng punapa Gusti Yesus nebihi lan tindak dhateng papan ingkang purun nampi rawuh lan pakaryanipun kanthi sukarena? Boten… Punika boten nyuda Gusti Yesus nglajengaken lampahing peladosanipun, kadosa pundi pahit raosipun. Ingkang baken, sih katresnanipun Gusti kedah kababar lan kedah kalaksanan, murih rikat utawi dangu, sedaya manungsa saged ngraosaken.
Kados pundi raos manah kita mangertos, sedherek ingkang kita tresnani tumindak lepat? Punapa malih sampun kita emutaken, dipuntuturi wungsal-wangsul ananging boten purun ngewahi lampahing gesangipun. Raos sedhih, getun, mbokmenawi ugi raos lepat boten saged melehaken sedherek kala wau. Sampun semplah! Sampun nilar! Sedherek kita punika tetep mbetahaken pitulungan. Menawi sedaya nebihi, sedherek kita punika ugi badhe sansaya uwal saking gesang mursid. Tetep setya, pados margi wicaksana punapa kemawon ingkang saged kita tindakaken murih sedherek kita punika kapitulungan. Paribasan, sampai titik darah penghabisan. Punika wujud tresna ingkang sejatos. [PKS]

“Piweleh kang tanpa leren mesthi ana olehe.”




Tidak ada komentar:

Posting Komentar