Senin, 12 November 2012

Ngupadi Kang Sampurna Kagem Gusti


Waosan : Titus 1: 1-9.
Pamuji : KPK  69: 1-3
Nats: “… seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri” (ayat. 8)
Boten wonten kang sampurna ing alam donya punika, kejawi Gusti Allah piyambak. Yen kasampurnan punika dados syarat utami kagem manggul tanggel jawab ing pakaryan agung peparingipun Gusti, tamtu boten badhe wonten ingkang pantes nampeni tanggel jawab punika. Awit, rumaos utawi boten rumaos, manungsa punika mesthi wonten cacatipun. Layangipun rasul Paulus dhumateng Titus menika mratelakaken bab syarat-syarat ingkang kedah dipun gadhahi dening para abdinipun Gusti ing pasamuwan. Pancen katingal awrat. Nanging sejatosipun ingkang dipun betahaken inggih punika integritas diri. Tegesipun, nunggiling tembung lan tumindak, nunggiling manah lan lelampahan. Tansah mbangun dhiri ing sakarsanipun Gusti Allah.
Manawikita pinilih dados Pinisepuh utawi Diaken, sampun rumaos ajrih! Kita kedah ngemutibilih kathah sanget ingkang mbetahaken peladosan kita. Gusti Allah ingkang nimbali lumantar swantenipunwarga pasamuwan,mesthi badhe paring pitulungan dhumateng kita. Manawi kita sampun dados Pinisepuh utawi Diaken, ditansah setya lan kiyat ing timbalan punika. Bilih kita menika warganing pasamuwan, kita kedah maringaken dukungan ingkang estu, awit nyengkuyung para abdi ateges ugi ngestokaken pakaryaning Allah sageda nyata ing satengahing pigesangan punika. Selaku para abdi lan putranipun Gusti kita kedah manut kaliyan sabda pangandikanipun Gusti, ngener ing Panjenenganipun lan ngupadi kasampurnaning kapribadhen murih kaluhuraning asmanipun Gusti. Timbalan gesang sae lan sampurna kang selaras lan cundhuk kaliyan sabda pangandikanipun Gusti punika katujokaken dhateng kita sadaya, dadosa selaku Pinisepuh, Diaken, lan ugi warganing pasamuwan. Ingkang punika, saestu wigatostumrap kita nggadhahi patrap nunggiling tembung lan tumindak, nunggiling manah lan lelampahaning karsanipun Allah. Sumangga kita mbangun jiwa, temah kita “seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri.”Amin (GaSa)
“Gusti kang nimbali, Gusti kang mitulungi.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar