Rabu, 14 November 2012

Matur Nuwun


Waosan:Lukas 17: 11-19.
Pamuji: KPK 186.
Nats: “Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.” (ayat. 16)
Wiwit alit mila kita kautus dening tiyang sepuh kita supados wicanten “MATUR NUWUN” dhateng saben tiyang ingkang sampun maringi punapa kemawon dhateng kita. Makaten ugi tiyang manca negari ingkang sinau basa Indonesia ingkang dipun apalaken rumiyin inggih tembung “TERIMA KASIH” utawi matur nuwun. Pangucap matur nuwun punika mujudaken tata krami utawi sopan santun. Raos pangraos boten ngertos atur panuwun saking tiyang sanga kados ing waosan punika pancen boten pantes sanget. Nanging nyatanipun tiyang ingkang purun wangsul kangge atur panuwun malah tiyang Samaria, tiyang ingkang dipun anggep musuh bebuyutanipun tiyang-tiyang Yahudi. Tamtu ing jaman kala samanten ngagetaken tiyang ingkang rumaos gesangipun langkung sae lan celak kaliyan Gusti (ay. 16, 18). Manawi kita taliti, dhawuh pungkasan ingkang dipun nagndikaken dening Gusti Yesus ing waosan punika sami kaliyan ingkang dipun ngandikaken dhateng tiyang estri wonten ing griyanipun tiyang Farisi (Luk. 7: 50) lan tiyang estri ingkang sakit grajag getih ingkang dipun sarasaken (Luk. 8: 43-48). Kapitadosanipun tiyang-tiyang punika ingkang ndadosaken saras, lan kasarasan punika ndhatengaken kawilujengan.
Saking carios punika kita dipun ajak ngraos-raosaken bab katresnan lan berkahipun Gusti wonten ing gesang kita. Kita ugi dipun tantang ngatingalaken kapitadosan saha panuwun kita dhateng Gusti. Dados tiyang pitados ingkang sampun nampi barkah ingkang kathah saking Gusti punapa kita inggih sampun mengertos bab matur nuwun saha atur panuwun dhumateng Gusti? Sampun ngantos kapitadosan kita dhateng Gusti langkung awon tinimbang tiyang sanga kalawau, nanging kados tiyang Samaria ingkang jenggirat atur panuwun kalawau. Pramila sumangga kita sesarengan kaliyan brayat kita tansah ngaturaken panuwun sokur konjuk Gusti kita Yesus Kristus tumrap sadaya barkah ingkang sampun kaparingaken dhateng kita supados kita tansah nemahi tentrem rahayu. Amin. [Dwt]

“Pamaturnuwun dados titikan watak pangaji”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar