Selasa, 20 November 2012

Gesang Semangat


Waosan : Wahyu 3: 1-6.
Pamuji: KPK 168
Nats: “Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati….” (ayat. 2)
Derek Redmond, atlit lari 400 meter ing Olimpiade Barcelona 1992,cecawis kanthi supados saged dados juara wonten ing lomba menika. Nalika lomba kelampahan, nembe mlajeng 150 meter, Derek nandhang sakit sukunipun. Nanging Derek boten purunnyerah kalah. Piyambakipun nglajengaken mlajeng sanadyan sakit sanget lan kanthi dhingklang. Semangat ingkang ageng menika ndodasaken ramanipun ingkang ugi ningali lomba menika lajeng mitulungingantos dumugi garis finish nadyan paling pungkasan. Semangatipun atlit menika ndadosaken sedaya penonton lan atlit sanesipun sami kaeraman.
Para kinasih, saben dinten gesang kita menika ugi kados wonteng ing pertandingan antawisipun tumindhak awon lan sae. Pundi ingkang unggul? Punika gumantung dhiri kita. Yenkita dhawah dipun kawonaken dening tumindak awon menapa kita sumedya tangi lan nglajengaken gesang? Yen kita purun tangi malih, menika kawastanan gesang sajroning ngaurip. Inggih menika gesang ingkang anggadahi semangat ingkang ndadosaken kita tangi menawi kita dhawah. Pancen badhe tangi malih. Semangat tangi njalari kita sagedtutug nadyan boten dados juara. Yen kita nggadhahi semangat tangi tamtu Rama kita ingkang maha asih mesthi paring pitulungan dhateng kita supados kita sagedtutug ngantos pungkasan. Yen tiyang sanes pupus gesangipun lajeng sinis dhateng kita, kita kedah tetep yakin bilih Rama kita nunggil kaliyan kita. Menawi kita nandang sakit, kita kedah tetepsemangat sehat. Menawiusaha kita, asiling sabin kita boten sae, kita kedhah tansah semangat.
Allah Rama kita ngersakaken kita putranipun gesang unggul saking pertandingan menikatemah kita saged nampeni kamulyan saking Sang Rama inggih menika sandangan pethak lan nami kita sinerat ing kitab pigesangan. SEMANGAT…!! sampun ngantos nglokro anggen kita nglampahi gesang ing padamelan, bebrayan wah malih ing peladosan. Gusti Allah Rama kita tansah nunggil lan mirsani kita. [to2k]
“Prahu ingkang sae kauji srana ngadhepi prahara lan ombak, boten kajangkar ing gisiking seganten.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar