Rabu, 28 November 2012

Panggodha Lan Pamuji


Waosan :  Wahyu 15: 1-4.
Pamuji :  KPK  90
Nats: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Maha kuwaos!” (ayat. 3b)
Kitab Wahyu punika kebak gegambaran bab panggodha lan kasangsaran utawi panganiaya ingkang dipun alami dening pasamuwanipun Gusti. Lah punika ingkang dipun alami dening penulis Wahyu lan pasamuwanipun Gusti nalika jaman Kaisar Nero saking Rum. Kewan lan recanipun punika boten sanes inggih sadhengah godhaning gesang kados ta pakewed, reribed, kasangsaran lan ugi sadaya kanikmatan ingkang mblasar. Panggodha punika yen menang badhe nuwuhaken raos meri, murka (rakus), brangasan, kejem, lsp. Inggih panggodha punika ingkang kedah kita perangi. Yen namung ngendelaken kakiyatan kita pribadi, kita boten badhe saged nelukaken panggodha punika, kapara kita malah saged kawon kaliyan panggodha. Kita mbetahaken sanget kakiyatan, pitulungan lan pakaryan pangwasanipun Gusti. Namung srana kakiyatan, pitulungan lan pakaryan pangwasanipun Gusti kemawon kita saged unggul saking sadaya panggodha.
Manawi kita saged unggul saking panggodha punika sejatosipun karana Gusti Allah paring kakiyatan lan pitulungan dhateng kita, sarta Gusti Allah piyambak ugi makarya. Pramila sampun ngantos kita dados gumunggung ngegungaken dhiri. Kosokwangsulipun kita kedah namung ngluhuraken asmanipun Gusti: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Maha kuwaos!…” (ayat 3). Pamuji punika nedahaken pangaken bilih Gusti Allah piyambak ingkang makarya paring kakiyatan lan pitulungan dhateng kita unggul saking panggodha.
Saben-saben kita ngadhepi panggodha, sumangga tansah nyuwun pakaryanipun Gusti Allah, temah kita kaparingan kakiyatan lan kawicaksanan unggul saking panggodha. Sumangga kita ugi tansah memuji asmanipun Gusti Allah awit saking pakaryanipun ingkang agung lan elok. Srana tansah memuji Gusti iman lan karohanen kita badhe saya mindhak kukuh. Awit srana pamuji punika kita ugi tansah ngakeni kanthi yakin agung lan eloking pakaryanipun Gusti. Keyakinan ingkang kukuh makaten punika ingkang murugaken kamenangan. [ST]
“Pamuji kanthi antebing manah nuwuhaken kakiyatan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar