Senin, 26 November 2012

Ajining Panuwun Sokur


Waosan: Lukas 21: 1-4.
Pamuji : KPK 165: 1, 3
Nats: “…satemene kang dipisungsungke randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku.” (ayat. 3b)
Wujuding peparing, bobotipun boten dipun tamtokaken saking cacah ingkang dipun paringaken, ananging saking pangurbanan ingkang sumelip ing salebeting peparing punika. Pramila, nalika atur tali asih, tiyang lajeng ngendika: “Sampun dipun pirsani ageng / cacah / reginipun barang punika, nanging mirsanana panuwun sokur kula!” Menawi kita migatosaken randha miskin ingkang asung pisungsung, cacahing arta ingkang dipun aturaken estu pancen boten kathah. Sekedhik sanget. Awit “rong igar” (dua peser) minangka pecahaning arta paling alit ingkang wonten ing bangsa Yahudi. Nanging ing ngriku Gusti Yesus pirsa bilih nyatanipun, ingkang rong igar menika wau minangka sarana gesangipun si randha miskin punika. Inggih namung rong igar punika ingkang dados gadhahanipun, lan boten wonten arta sanesipun malih ingkang saged kaginakaken kagem nyambung gesangipun. Pramila Gusti Yesus dhawuh “satemene kang dipisungsungke randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku”.Gusti Yesus mesthi ugi mirsani isining manahipun randha miskin punika, misungsung kanthi tulus sucining manah, tanpa was sumelang, tanpa pamrih punapa-punapa.
Saking dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus punika mratelakaken bilih pangurbanan ingkang sumelip ing salebeting pisungsungipun randha miskin punika estu angeng sanget. Awit ingkang dipun kurbanaken boten sanes inggih punika gesangipun piyambak. Sanes arta susuk utawi arta turahan saking kabetahan ingkang sampun kacekapaken. Saking pratelan punika wonten pangatak, “ajining pisungsung boten dipun tamtoaken saking cacah ingkang dipun aturaken, ananging saking pangurbanan ingkang sumelip ing salebeting pisungsung punika”. Langkung aji ingkang cacahipun sekedhik ananging kinanthenan atur panuwun sokur dhumateng Gusti minangka sumbering berkah lan pigesangan, tinimbang cacah kathah nanging kaselipan kadurakan. Gusti ngajeni sanget lan mesthi mberkahi tiyang ingkang ngaturaken pisungsung kanthi prasaja lan tulus sucining manah.Amin. (GaSa)
“Persembahan itu bukan modal berkat, tetapi buah  berkat”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar