Jumat, 14 Desember 2012

Kawula Alit


Waosan : Mateus 11: 11-15.
Pamuji : KPK  104
Nats: “… ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ing Kratoning Swarga, Iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.” (11)
“Wong cilik luwih gedhe tinimbang Yokanan Pambaptis?”
Dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus wonten ing ayat mas waosan kita dinten punika nelakaken bilih kawula alit (tiyang kang ringkih lan sekeng) pikantuk papan ingkang utami wonten ing Kratoning Allah. Yokanan Pambaptis punika “wong agung”, nanging kawula alit langkung utami ing kawigatosan. Kratoning Allah ingkang awujud kaadilan, kayekten, katresnan lan tentrem rahayu punika utaminipun kagem tiyang-tiyang ingkang sinia-sia dening para pangageng lan tiyang kathah. Para kawula alit punika kedah dados perhatian utama (kawigatosan utami) wonten ing sadaya paladosan pakaryanipun Allah njejegaken kaadilan lan kayekten mrih maujuding katresnan lan tentrem rahayu. Kawigatosanipun Gusti Yesus dhateng para kawula alit saestu ageng sanget. Gusti Yesus tansah mitulungi tiyang-tiyang sakit, para tukang ngemis, tiyang-tiyang kasisahan, tiyang-tiyang kaluwen. Tiyang-tiyang ingkang kapiji dados para sakabatipun inggih namung kawula alit, para nelayan.
Para kawula alit asring dipun sepelekaken. Makaten ugi wonten ing tengahing pasamuwan. Bukti gampilipun, yen wonten anggota Majelis ingkang nandhang sakit utawi kesripahan, tiyang kathah sanget sami rame-rame nuweni lan ndhatengi palayadan. Nanging yen ingkang sakit lan kesripahan punika warga pasamuwan ingkang miskin, ringkih lan sekeng, sepinten ingkang nuweni lan ndhatengi? Namung sekedhik, kapara sekedhik sanget. Patrap lan paladosan makaten punika boten adil. Punika cengkah kaliyan karsanipun Gusti wonten ing Kratoning Allah. Minangka warga Kratoning Allah, kita kedah tansah nggatosaken gesanging kawula alit, atur pitulungan saking panandhangipun. Allah Sang Ratuning Kraton Swarga ngarsakaken kita mbudidaya wujuding tentrem rahayu kagem para kawula alit. [ST]
“Nggatosaken kawula alit punika wataking warga Kraton Swarga”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar