Rabu, 12 Desember 2012

Kiyat Karana Gusti


Waosan : Yesaya 40: 25-31.
Pamuji : KPK  213
Nats : “… wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar…” (ayat. 31)
Olimpiade London 2012 sampun rampung. Ing acara punika, kita saged ningaliperjuanganipun para atlet anggenipun kepingin mimpang dados juara. Sedaya atlet ingkang tandhing sami mbela negarinipun piyambak-piyambak.Ingkang punika dipun betahaken kakiyatan sacara fisik lan mental supados atlet punika saged mimpang.  Saderengipun tandhing para atlet dipun gembleng sarana latihan ingkang awrat lan temen-temen supados kasil. Boten namung kiyat sacara fisik kemawon ananging ugi dipun betahaken mental lan taktik ingkang sae. Karana punika ajang olimpiade saged dados wahana kangge ukuran sinten atlet ingkang paling sae. Gusti Allah paring dhawuh dhateng bangsa Israel lumantar nabi Yesaya bilih Gusti Allah karsa paring kakiyatan dhateng bangsa Israel ingkang wonten ing tanah Babel. Gusti Allah karsa paring karosan dhateng tiyang ingkang tanpa daya. Gusti Allah dados sumbering pangajeng-ajeng kangge bangsa Israel ingkang sami ngantos-antos dhateng Panjenenganipun. Kados peksi garuda ingkang mabur kalawan kakiyatan swiwinipun mekaten tiyang ingkang ngajeng-ajeng dhateng Gusti pinaringan pitulungan saha kakiyatan.
Kadangkala utawi mbokmanawi malah asring kita sesambat, kita rumaos sayah, tanpa daya nglampahi gesang. Karibedaning gesang ndadosaken kita kuatos lan bingung ngalami gesang. Ananging lumantar dhawuh pangandikanipun Gusti punika, kita kaparingan pangertosan yen kita ngantos-antos Gusti, saestu Gusti Allah mesthi paring kakiyatan kangge kita ngadhepi samukawis. Pramila kita kedah nyuwun pitulungan dhateng Gusti. Lumantar pandonga kita nyuwun dipun paringi pangluwaran saking sadhengah karibedaning gesang.  Yen kita ndedonga linambaran keyakinan bilih kita badhe kiyat awit pitulunganipun Gusti, kita mesthi saestu kiyat. Namung gumantung keyakinan kita.Kakiyatanipun manungsa punika winates, ananging kakiyatan saking Gusti tanpa wates. Gusti Allah ingkang makarya kangge bangsa Israel ugi Gusti kita ingkang makarya kangge gesang kita. (AR)

“Wong kang yakin bakal kuwat awit pitulungane Gusti, mesthi bakal kuwat tenan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar