Kamis, 20 Desember 2012

Kanugrahan


Waosan : Lukas 1: 26-38.
Pamuji : KPK 211
Nats: “Aja wedi Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangeran.” (ayat. 30)
Punapa ingkang kita raosaken nalika kita nampi hadiah / berkat ingkang boten kita nyana-nyana? Tmmtu kita rumaos bingah lan kebak saos sokur. Saestu bingahipun kagem brayat ingkang sampun dangu ngrantos momongan, nalika Gusti Allah maringi momongan dhateng brayat punika. Mekaten ugi bilih kita taksih dipun paringi gesang, saged nyambut damel, saged pepanggihan kaliyan sanak sadherek. Sedaya punika wujud berkahipun Gusti ingkang kita tampeni lan raosaken. Sedaya kabingahan ingkang kita alami punikasih kanugrahan saking Gusti Allah. Bilih kita dipun paringi kakiyatan, bagas kasarasan, kacekapan, karukunan ing brayat sedaya punika minangka peparingipun Gusti Allah dhateng kita umatipun. Nalika malaekat Gabriel ndhatengi Maryam, Maryam kaget, wonten punapa malaekatipun Gusti ngrawuhi piyambakipun. Saking ngriku malaekat Gabriel martosaken kabar, bilih Maryam badhe ngandut Putraning Allah. Maryam kaparingan sih kanugrahanipun Gusti Allah karana Gusti karsa ngagem piyambakipun dados lantaran wiyosipun Gusti Yesus ing donya. Saking pawartos punika, Maryam purun nampi punapa ingkang dados karsanipun Gusti dhateng piyambakipun. Piyambakipun memuji sokur dhateng Gusti Allah karana sih kanugrahan ingkang dipun tampi.
Rawuhipun Gusti Yesus dhateng gesang kita mujudaken luhuring katresnanipun Gusti Allah dhateng kita. Sanes manungsa ingkang ngupadi Gusti, nanging Gusti piyambak ingkang ngrawuhi kita. Awit tamtu ewed sanget ngupadi Gusti wonten ing swarga. Malah rawuhipun Gusti ngasta kanugrahan kangge kita.Sih kanugrahanipun Gusti Allah kaparingaken dhateng kita arupi kawilujengan wonten ing Gusti Yesus Kristus. Kita ingkang swaunipun tebih saking Allah karana dosa-dosa kita sapunika kita celak kaliyan Gusti Allahwonten ing Gusti Yesus. Kita ingkang swaunipun gesang ing pepeteng sapunika kita gesang ing pepadhang. Mila mangga kita tansah bebingah. Mangga kita ngedum kabingahan punika dhateng tiyang sanes, sintena kemawon. (AR)
“Kabungahan dadi pratandha kanugrahaning Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar