Waosan : Roma 14 : 1 –
12
Pamuji : KPK 319 : 1, 2
Nats : “… manawa kita urip, urip kita cumadang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti.”
Pamuji : KPK 319 : 1, 2
Nats : “… manawa kita urip, urip kita cumadang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti.”
Tumrap tiyang ingkang gadhah
pemanggih “urip iku kanggo mangan”, punapa ingkang dipun tindakaken salebeting
gesang namung kangge mburu tetedhan lan kasenengan kemawon. Kosokwangsulipun,
tiyang ingkang gadhah pemanggih “mangan iku kanggo urip”, ngrumaosi bilih
gesang punika boten namung dipun isi bab tetedhan kemawon. Wonten perkawis
gesang sanesipun ingkang langkung wigatos tinimbang bab tetedhan, kados bab
katentreman, karukunan, kawilujengan.
Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan ing Rum, supados boten padu bab
tetedhan. Nalika semanten pancen wonten golongan ingkang boten nedha daging,
lan wonten ingkang nedha daging. Bab punika ndadosaken benten pemanggih ing
pasamuwan, wonten ingkang setuju lan wonten ingkang boten. Rasul Paulus
ngengetaken supados tiyang pitados boten menghakimi sesaminipun bab tetedhan punika. Bab
sanesipun ingkang dados perkawis inggih punika bab dinten. Wonten tiyang
ingkang ngganggep dinten-dinten tartamtu sae, wonten ingkang ngganggep sedaya
dinten punika sae. Saking perkawis punika Paulus ngengetaken pasamuwan Rum
bilih ing patunggilaning Gusti, sedaya dinten punika sae. Karana punika Paulus
paring piwucal bilih ing satengahing patunggilan para pitados boten gesang
kangge kebatahanipun piyambak nanging gesang kangge sesaminipun. Pramila menawi
kita gesang, kita gesang kagem Gusti, menawi kita pejah, kita pejah ing Gusti.
Karana sae kita gesang utawi pejah, sedaya kagunganipun Gusti.
Kita para pandherekipun Gusti, sampun samestinipun nindakaken
punapa ingkang dados pangandikanipun Gusti. Anggen kita nglampahi gesang boten
ngegungaken kapinteran, kasugihan, kakiyatan kita piyambak, nanging kita kedah
andhap asor, boten menghakimi sesami. Anggen kita dipun paringi
gesang punika supados ngluhuraken Asmanipun Gusti. Kasaenan ingkang kita
tindakaken namung wujud sokur kita karana sih kamirahan Gusti. Mugi kita sedya
mbangun gesang ingkang maedahi kagem sesami lan Gusti. Amin. (AR)
“Kasaenan, wujud katresnan kita dhateng Gusti lan sesami”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar