Waosan : Markus 12: 28 –
34.
Pamuji: KPK 165 : 1 – 5
Nats : “…: Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!…”(Ay. 34)
Pamuji: KPK 165 : 1 – 5
Nats : “…: Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!…”(Ay. 34)
Sedaya
manungsa gesang ing salumahing bumi tamtu ngajeng-ngajeng tansahngalami swasana
tentrem lan rahayu. Ananging nyatanipun pengajeng-ajeng punika dereng saged
dados kasunyatan tumrap ing sedaya manungsa. Buktinipun menawi kita nyipati
kawontenan ing bumi menika taksih kathah sanget angkara murka ingkang
andadosaken gesang punika kalampahan kanthi manah miris.
Ingkang
punika Gusti Yesus paring dhawuh lan katrangan bab katresnan ingkang dados
kunci mawujuding pengajeng-ajengipun manungsa kala wau.Ingkang kasuwun dening
Gusti Allah dhateng sedaya manungsa ingkang sami pitados dhumateng Gusti Yesus
Kristus lan ingkang nampi kawilujenganipun inggih punika “katresnan ingkang
setya”.
Katresnan
ingkang setya punika raos asih ingkang ajeg boten ewah gingsir. Temahan kita
tansah ngorong kaliyan Patunggilanipun, nuladhani sih katresnanipun lan
estu-estu ngestokaken pranatan lan kersanipun Gusti. Menungsa ingkang estu
nresnani Allah badhe mundhut sikap ndherek / tumut prihatos, ngupadi Kratonipun
lan gesang kagem kaluhuranipun.
Katresnan
kita minangka putraning Allah ingkang maha asih kedah tresna ingkang gumolong,
ingkang saged ngendhaleni pribadhi kita. Katresnan kita punika tuwuh saking
katresnanipun Gusti Allah piyambak dhumateng kita.Karana katresnanipun, Allah ngutus
kang Putra mitulungi kita. Saking ngriku lajeng Gusti ndhawuhi kita kanthi estu
supados kita mekaraken katresnan kita tumuju dhateng sesami ingkang gesang
wonten ing sakiwa tengen kita. Katresnaningkang sumebar ing gesanging sesami
punika mesthinipun badhe ndadosaken endahing swasana gesang ing bumi, ing
masyarakat kita.
Lah
punika ingkang dados kuncining karaharjan lan katentremantumrap gesang wonten
ing bumi. Kanthi linambaran katresnan, swasana tentrem lan rahayu saged maujud
ing gesang kita. Kejawi saking punika, yen “latresnan ingkang setya” saged kita
lampahi, Kratoning Allah rumaket wonten ing gesang kita. Amin (GaSa)
“Katresnan
kang sejati iku ajeg, tan owah gingsir lan langgeng.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar