Waosan : Yakobus 1:1-15.
Pamuji : KPK 141:1-2
Nats : “Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” (ayat 12)
Pamuji : KPK 141:1-2
Nats : “Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” (ayat 12)
Urip iku koyo dhene
“Cakramanggilingan” (roda yang sedang berputar), artoshipun: kadangkala,
manungsa menika bingah, sehat, sukses, lan sanes sanesipun. Nanging kadangkala
manusia inggih ngraosaken susah, sakit, gagal, lan sakpanungilanipun. Lan ugi,
manusia saged ngalami ingkang kados mekaten “Sudah jatuh tertimpa tangga pula”.
Artosipun, manungsa ingkang taksih ngadhepi perkawis ingkang dereng rampung
malah katambahan ugi perkawis ingkang langkung awrat. Contonipun, nembe kemawon
dipun PHK katambahan malih semahipun nandhang sakit lan kedah mondhok wonten
griya sakit. Perkawis wonten nginggil menika asring kita alami ing salebting
gesang kita. Kados pundi anggen kita ngadhepi perkawis menika? Sumangga kita
sami maos kitab suci ingkang kapendet saking Yakobus 14:12, ingkang suraosipun
kados mekaten “Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa
wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké
déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” Anggen
kita ndherek Gusti, kados dene lare ingkang nembe sekolah utawi kuliah. Menawi
badhe minggah kelas kedah nglampahi ujian. Kelas ingkang langkung inggil
ujianipun saya awrat.Menawi saged anggenipun nggarap soal ujian, pramila, kita
kawastanan lulus lan pikantuk rapot utawi ijasah. Semanten ugi kita para
pitadhos, anggenipun gesang menawi badhe pikantuk kamulyaning Gusti ugi saged
nampi pacoben ingkang mboten entheng. Sok sintena ingkang tanggon (tahan uji)
anggenipun ngadhepi pacoben lan perkawis, Gusti inggih paring makutha kamulyan
langgeng. Sumangga kita tetep bingah lan tekun anggen kita ndherek Gusti
sinaosa nglampahi pacoben lan perkawis-perkawis ingkang awrat, amargi Gusti
tansah maringi kekiyatan lan mboten nilar kita sedaya. Amin. [DG]
“Tanpa panggodha mboten wonten ganjaran kamulyan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar