Jumat, 28 Juni 2013

Pencitraan Diri ?

Waosan : Mateus 8:1-4.             
Pamuji : 
KPK 321
Nats : “Poma, bab iki aja kokkandhakaké marang sapa waé. Sowana marang imam, aturana mriksa awakmu.” (Ay. 4a)
“Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung”, paribasan menika artosipun kabar ingkang sumebar tebih, saged benten kaliyan kasunyatanipun. Paribasan menika asring dipun angge dening para politikus kangge sedya pencitraan diri (mangun kapribaden), temah saged kaanggep dados priyagung ingkang perduli, nggadhahi raos “bela rasa” ingkang inggil, minangka pangayomanipun tiyang alit. Tujuanipun supados masyarakat milih piyambakipun ing PILKADA. Saged ugi kangge mojokaken mengsah politik-ipun, kanthi ndhudhah awon lan cacadipun. Kados ngaten kala wau cengkah kaliyan adat istiadat, budaya bangsa, lan piwulang aja kumalungkung, mikolehake lan nggunggung dhiri. Wonten ing sesrawungan kita boten sae manawi kita pamer, ngetingalaken kesaenan diri kita supados kaalembana. Prayoginipun kita mikul dhuwur mendhem jero saged nutupi kekiranganipun tiyang sanes.
Waosan dinten menika ngemutaken, bilih Gusti Yesus boten mbetahaken kasuwuring asma. Sanajan Gusti Yesus sampun maluyakaken tiyang sakit kusta, nanging dhawuhipun cetha bilih aja kok kandhakake marang sapa wae bab perkara iki. Piwucalipun nedahaken:
1.     Gusti Yesus kepingin sedaya ngraosaken kagepok sacara pribadi, boten namung ing pawartos.
2.     Strategi (margi) supados para imam boten nggadhahi prasangka awon dhateng Gusti Yesus.
Dados Gusti Yesus sampun paring tuladha bilih pencitraan diri menika boten sae, ngrekaosaken diri lan saged mempersulit diri. Manawi taksih mekaten kawontenanipun bangsa kita, tebih saking budaya lan kapribadening bangsa, saha boten nulad lekasipun Gusti Yesus, kita badhe dados bangsa ingkang boten tulus, kebak pamrih lan sregep metani awonipun tiyang sanes. Satemah bangsa kita saya tebih saking gemah ripah loh jinawi panjang punjung pasir wukir. Swawi mangun ati kang tulus lan tanpa pamrih. [masto]
“Pakarti becik yekti tuwuh saka ati kang resik”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar