Sabtu, 22 Juni 2013

Pitobat Sejati


Waosan : Para Rasul 11 : 1 – 18   
Pamuji :
 KPK 148 / 50
Nats : “Yèn mengkono Gusti Allah uga wis maringi wewengan marang wong-wong liya bangsa, sing padha nganut agama kapir, supaya padha mratobat, temahan padha urip.” (Ay. 18)
Karana Adam lan Kawa dhawah ing dosa, manungsa sajagad lajeng kawengku ing dosa ingkang njalari ginantungan pejah langgeng lan koncatan sih rahmatipun Allah. Kados dhawuhing Kitab Rum 6 : 23 : “……awit pituwase dosa iku pati.”
Supados manungsa boten ginantungan ing pejah langgeng, manungsa kedah mratobat saking dosanipun, nampeni sih rahmatipun Allah wonten ing Sang Kristus Yesus, matemah dados gesang. Mratobat artosipun: nglenggana ing kalepatanipun, purun ngakeni kalepatanipun, sumadya nilar kalepatanipun lan wangsul dhateng margi ingkang leres, sarta boten badhe ngambali malih kalapetanipun. Miturut nas kita (ayat 18), pitobat punika peparingipun Allah, timbalanipun Allah, ingkang ateges boten wonten manungsa ingkang saged mratobat saking pikajengipun piyambak. Menawi Gusti Allah sampun paring pitobat dhateng manungsa, boten wonten manungsa ingkang saged ngalang-alangi.
Kasunyatan nedahaken, kita asring nggadhahi pemanggih malah mbokmenawi ugi sampun kebabar ing sikap lan tumindak, kita rumaos boten lila menawi tiyang sanes mratobat lan dados sae. Kosokwangsulipun malah rumaos bingah/remen menawi tiyang sanes cilaka, kaukum dening Gusti. Wonten ingkang nggadhahi pemanggih kawilujengan saking Gusti asring namung kangge kita piyambak, kados pemanggihipun tiyang Yahudi.
Lumantar ayat ingkang kita woas, mliginipun ayat 17, kita saged mangertos bilih kawilujengan saking Gusti punika kangge sedaya bangsa ingkang purun mratobat dhateng Gusti Allah.
Kula lan panjenengan sampun ngantos nggadhahi pemanggih karana dadi turune wong Kristen, utawi dadi putrane tokoh Kristen mesthi slamet. Sampun ngantos kita nggadhahi “kesombongan rohani.“ Pitobat dhateng Gusti ingkang dados margining gesang langgeng, sanes keturunane wong Kristen utawi putrane tokoh Kristen. Karana mbokmenawi saben dinten kita damel dosa, pramila kita perlu mratobat saben dinten ugi. Amin! [SS]
“Pitobat kang nekakake pangapura lair saka jroning ati, ora mung ing lambe.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar