Waosan: Mateus 18: 15-20.
Pamuji: KPK 312: 1, 3
Nats : “Yèn sedulurmu duwé keluputan, paranana lan tuduhna luputé. Kuwi tindakna klawan sesidheman, ijèn padha ijèn. Yèn sedulurmu mau nggugu tembungmu, ateges kowé bathi, awit ora kélangan sedulur.” (ayat 15)
Pamuji: KPK 312: 1, 3
Nats : “Yèn sedulurmu duwé keluputan, paranana lan tuduhna luputé. Kuwi tindakna klawan sesidheman, ijèn padha ijèn. Yèn sedulurmu mau nggugu tembungmu, ateges kowé bathi, awit ora kélangan sedulur.” (ayat 15)
Kados
pundi reaksinipun tiyang kathah yen wonten tiyang
ingkang nggadhahi kalepatan? Adatipun tiyang mboten melehaken karana ajrih,
karana jengkel, utawi malah tiyang mungel “Ben, ben dirasakne pituwase (akibatnya) mengko.”
Adatipun malah ngrumpi (ngrasani) mrika-mriki, nadyan menika
sedherek piyambak, temah kucem asmanipun. Tiyang ingkang lepat menika lajeng
rumaos kewirangan.
Gusti
Yesus ngersakaken tiyang ingkang nggadahahi kalepatan dipun welehaken kanthi
sesidheman. Menika nedahaken bilih tiyang lepat kedah dipun reksa lan dipun
ajeni. “Wong luput” pancen nggih lepat, ewasamanten mboten pareng dipun
wirang-wirangaken. Srana dipun reksa lan dipun ajeni, tiyang ingkang dipun
welehaken badhe langkung gampil nglenggana, ngakeni kalepatanipun. Pramila kita
kedahmeyakinkan bilih piyambakipun boten badhe
kawirangaken. Tiyang lepat mboten purun ngakeni kalepatanipun karana rumaos
badhe kawirangan.
Dados dhasar kita yen murugi lan badhe melehaken sedherek
ingkang nggadhahi kalepatan kedah manah ingkang kebak katresnan lan ngajeni dhateng
sedherek menika. Mboten pareng wonten raos ngigit-igit utawi gregeten. Yen kita
saged nyadharaken kalepatanipun lajeng mratobat, kita mboten kecalan sedherek.
Sadaya warganing pasamuwan menika aji, kalebet ingkang saweg nggadhahi
kalepatan; kados dene Gusti Yesus anggenipun madosi menda setunggal ingkang
ketriwal, amargi menda menika –nadyan namung setunggal- aji.
Kados
pundi marginipun supados sedherek kita ingkang kita welehaken menika yakin
bilih asmanipun mboten badhe dipun wirangaken? Kita kedah nggadhahi komitment (janji) dhateng diri kita piyambak
bilih mboten badhe nyritakaken kalepatanipun tiyang sanes dhateng sintena
kemawon. Kejawi yen tiyang menika mboten saged dipun tuturi, lajeng kita
lapuraken dhateng pradataning pasamuwan. [ST]
“Wong kang
seneng ngrasani lupute liyan, ora ngajeni Gusti kang nitahake manungsa kabeh.”