Jumat, 16 Agustus 2013

Ngurmati Wong Asor

Waosan: Mateus 13: 53-58.     
Pamuji: 
KPK 211
Nats : “Mulané Gusti Yésus ing kutha Nasarèt kono ora nindakaké mujijat akèh, jalaran wong ing kono padha ora precaya marang Panjenengané.” (Ayat 58)
Umumipun tiyang gampil ngremehaken tiyang sanes karana ningali asalipun, drajat lan pangkatipun. Tiyang badhe dipun ugemi wicantenipun lan dipun ajeni tumindak sarta pakaryanipun yen tiyang menika pancen asalipun saking brayat ingkang kajen, drajat lan pangkatipun inggil. Kosokwangsulipun yen asalipun saking brayat ingkang asor, drajat lan angkatipun andhap, menapaa kemawon ingkap dipun ucapaken lan dipun tindakaken asring diremehaken dening tiyang sanes.
Lah makaten ugi ingkang dipun dening Gusti Yesus lan pamawasipun tiyang-tiyang Nazaret. Gusti Yesus dipun remehaken karana Panjenenganipun namung putranipun tukang kayu, boten kagungan drajat lan pangkat menapa-menapa ing tengahing masyarakat. Tiyang-tiyang Nazaret boten pracaya dhateng kawicaksanan lan panguwasanipun Gusti Yesus. Patrapipun tiyang-tiyang ingkang ngremehaken menika mitunani dhirinipun piyambak. Piwucal lan mujijatipun Gusti Yesus boten katindakaken ing ngriku.
Cariyos menika memulang dhateng kita supados kita sampun ngantos ngremehaken tiyang sanes, nadyan namung andhap drajat lan pangkatipun. Sampun ngremehaken Koster / Merbot greja, Pengurus Kelompok, Penatua / Diaken ingkang taksih enem. Sampun ngremehaken Rencang (Pembantu Rumah Tangga), tukang kebon ing kantor, tukang sampah, juru parkir, lsp. Sampun ngremehaken tiyang tani, nelayan lan peternak. Lumantar tiyang-tiyang menika kita saged pikantuk piwucal lan pitulungan sarta berkahipun Gusti.
Ingkang menika sumangga kita gatosaken kanthi lebet menapaa kemawon ingkang dipun ucapaken. Kita raosaken wigatosing pakaryanipun tiyang-tiyang menika kangge kita lan tiyang kathah. Sumangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti atas tiyang-tiyang menika lan nyuwunaken berkah kagem karaharjanipun (kesejahteraan) tiyang-tiyang menika. [ST]
“Wong bakal kinurmatan yen gelem ngajeni wong asor.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar