Senin, 12 Agustus 2013

Jaman Edan

Waosan: Mateus 13:16-17.    
Pamuji: 
KPK 193:1,2,3.
Nats : “Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu” (ayat 16).
Saperangan tiyang sami ngresula yen ningali lan ngraosaken maneka warni peristiwa (lelampahan) ingkang nedahaken wontenipun karisakan mental, karisakan alam, lan karisakan tatananing gesang, ingkang ndadosaken manungsa salah polah tingkahipun. Ing satengahing masyarakat Jawi kawontenan ingkang mekaten punika kasebut jaman edan. ///
Ing ngandhap punika gegambaranipun:
Wong apik ditampik
Wong jahat padha munggah pangkat
Wong agung kesinggung
Wong ala kapuja-puja
Pengkhianat nikmat, durjana saya sempurna
Akeh wong adol ngelmu, ngakune suci, sucine palsu
Wong lugu keblenggu, wong mulya kinunjara
Wong wadon ilang wirange
Wong lanang ilang kaprawirane
Akeh manungsa kang wus ilang kamanungsane
Lali marang Allahe, kang diuber donyane
Akeh wong pinter padha keblinger
Kang bener thenger-thenger
Ndulu kahanan kang ora bener.
Injil Mateus 13:16-17 punika isi wujuding berkah lan kabegjan kangge para tiyang pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus. Berkah lan kabegjan punika arupi: sami dipun parengaken ningali lan mireng pawartos bab Kraton Swarga lumantar piwucal lan pakaryanipun Gusti Yesus Kristus. Kanthi mekaten para tiyang pitados sami dipun paringi pangertosan bab-bab ingkang luhur, ingkang perlu dipun tindakaken, supados saged mbangun gesang ingkang leres. Kanthi mekaten kita dipun paringi kekiyatan ngadhepi jaman edan menika, supados kita sampun ngantos tumut edan. Amin. (Esha).
“Saged ningali lan mireng pakaryan lan dhawuh luhuripun Gusti menika kabegjan sejati.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar