Rabu, 14 Agustus 2013

Kendhali

Waosan: Yakobus 3: 1-12.     
Pamuji:
 KPK 72
Nats : “Wong sing ora tau gawé keluputan srana tembung kuwi wong sing sampurna, lan bisa ngendhalèni badané sekojur temenan.”  (Ayat 2)
Satunggaling dinten wonten kusir dokar ingkang mecuti jaranipun ingkang “mogok”. Ketingalipun jaran menika nesu dipun pecuti, lajeng nylenthak-nylenthak. Bilai! Sikilipun jaran ingkang nylenthak-nylenthak nyanthol ing kajeng ingkang ndlujur mengajeng. Lampahipun miring lan nyemplung ing kalen pinggiring margi. Karana boten saged ngendhaleni dhiri lan boten purun dipun kendhaleni, lajeng sadaya ngalami bilai.
Pancen ilat kita ewed sanget dipun kendhaleni. Ilat ngolah sadaya tembung maneka warni. Saking ilat tutuk kita saged ngedalaken tembung ingkang sae lan ngremenaken malah nentremaken. Nanging ugi saged ngedalaken tembung ingkang kados geni ingkang ngobong; boten namung mbilaeni dhiri kita piyambak, nanging mbilaeni tiyang sanes.
Nadyan ilat ewed sanget dipun kendhaleni, nanging ilat ngolah pitembungan saking printahipun otak(pangangen-angen, pikiran) kita. Yen otak, pangangen-angen lan pikiran kita resik, ilat kita badhe ngolah suwanten ingkang sae, tutuk kita badhe ngedalaken tembung-tembung ingkang prayogi.
Nadyan ewed dipun kendhaleni, ilat kita tetep kedah dipun kendhaleni kanthi kenceng. Yen boten kita kendhaleni kanthi kenceng, kados dene jaran ing inggil kalawau, pitembungan lan solah tingkah kita saged mbilaeni kita lan mbilaeni tiyang sanes. Caranipun ngendhaleni ilat inggih punika srana tansah mbangun utawi ngarahaken pangangen-angen lan pikiran kita tumrap samukawis ingkang sae (Flpi 4: 8). Tansah nggadhahi positive thinking (penggalih ingkang sae) lan nebihi negative thinking (penggalih ingkang awon).
Jaran yen purun ngendhaleni dhiri lan dipun kendhaleni, badhe saged ngeteraken tiyang sanes dhateng papan ingkang katuju kanthi wilujeng lan ayem. Menawi kita purun ngendhaleni dhiri lan dipun kendhaleni dening Roh Suci, pandamel kita ugi saged murugaken tiyang sanes wilujeng lan ayem. [ST]
“Kendhalenana ilatmu kalawan pikiran kang becik!”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar