Kamis, 22 Agustus 2013

Pasambat

Waosan  : Filipi 2 : 12 – 30. 
Pamuji : 
KPK  128
Nats : “Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala….” (ayat 14)
Tumindak lan sikapipun tiyang setunggal lan sanesipun boten sami anggenipun ngadhepi pacoben salebeting gesangipun. Wonten ingkang kiyat ugi wonten ingkang gampil semplah lajeng nglokro. Kathah tiyang ingkang gampil sambat tinimbang saos sukur nalika ngadepi pakewed / pacoben. Pasambat dados pratandha ringkihing manungsa. Awrating tuntutan gesang kados dene bab ekonomi, pendidikanndadosaken kathah tiyang sami sambat, sambat bab regi-regi ingkang saya awis, ugi awising biayapendidikan. Tiyang ugi sesambat bab gesang bebrayatan.  Sambat bilih sampun boten tresna malih dhateng semah, boten cocok malih kaliyan semah, sambat ningali tumindaking anakipun ingkang nakal, lsp.
Nalika Rasul Paulus nyerat layangipun dhateng pasamuwan Filipi, panjenenganipun dipun kunjara. Rasul Paulus ngalami gesang ingkang awrat. Panjenenganipun boten bebas malih. Nadyan mekaten tekadipun Paulus martosaken Injil boten kandhek karana kakunjara. Saking pakunjaran punika Rasul Paulus paring kakiyatan, pepeling, lan piwucal dhateng pasamuwan-pasamuwan ingkang dipun ladosi, antawisipun pasamuwan Filipi. Paulus ngengetaken pasamuwan Filipi, senajan wonten kasangsaran lan rekaosing gesang, boten perlu ajrih. Gusti Allah sumbering kakiyatan tansah nunggil umatipun. Sacara kamanungsan Rasul Paulus ngarosaken kasangsaran, ananging sacara karohanen tetep saos sukur dhateng Gusti, dene taksih saged ngiyataken pasamuwan Filipi supados nglampahi gesangipun tanpa panggrundel lan suwala.
Kawontenanipun manungsa punika kathah kakirangan lan kalemahanipun, ingkang asring ndadosaken manungsa sambat. Nanging sampun ngantos kita mutung lan nglokro. Kita kedah wantun ngadhepi sedaya perkawis gesang kita. Kita pitados bilih Gusti Allah kersa paring kakiyatan lan pitulungan. Boten wonten perkawis gesang ingkang boten saged dipun rampungi menawi sedaya kita adhepi srana pamuji lan pandonga dhateng Gusti. Gusti mesthi paring kekiyatan lan kawicaksanan dhateng kita ngadhepi pacoben lan ribeting gesang. Amin. (AR)
Celak dhateng Gusti ndadosaken kita kiyat ngadhepi pacoben.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar