Rabu, 28 Agustus 2013

Aja Ngrumpi !

Waosan: Mateus 18: 15-20. 
Pamuji: 
KPK 312: 1, 3
Nats : “Yèn sedulurmu duwé keluputan, paranana lan tuduhna luputé. Kuwi tindakna klawan sesidheman, ijèn padha ijèn. Yèn sedulurmu mau nggugu tembungmu, ateges kowé bathi, awit ora kélangan sedulur.” (ayat 15)
Kados pundi reaksinipun tiyang kathah yen wonten tiyang ingkang nggadhahi kalepatan? Adatipun tiyang mboten melehaken karana ajrih, karana jengkel, utawi malah tiyang mungel “Ben, ben dirasakne pituwase (akibatnya) mengko.” Adatipun malah ngrumpi (ngrasani) mrika-mriki, nadyan menika sedherek piyambak, temah kucem asmanipun. Tiyang ingkang lepat menika lajeng rumaos kewirangan.
Gusti Yesus ngersakaken tiyang ingkang nggadahahi kalepatan dipun welehaken kanthi sesidheman. Menika nedahaken bilih tiyang lepat kedah dipun reksa lan dipun ajeni. “Wong luput” pancen nggih lepat, ewasamanten mboten pareng dipun wirang-wirangaken. Srana dipun reksa lan dipun ajeni, tiyang ingkang dipun welehaken badhe langkung gampil nglenggana, ngakeni kalepatanipun. Pramila kita kedahmeyakinkan bilih piyambakipun boten badhe kawirangaken. Tiyang lepat mboten purun ngakeni kalepatanipun karana rumaos badhe kawirangan.
Dados dhasar kita yen murugi lan badhe melehaken sedherek ingkang nggadhahi kalepatan kedah manah ingkang kebak katresnan lan ngajeni dhateng sedherek menika. Mboten pareng wonten raos ngigit-igit utawi gregeten. Yen kita saged nyadharaken kalepatanipun lajeng mratobat, kita mboten kecalan sedherek. Sadaya warganing pasamuwan menika aji, kalebet ingkang saweg nggadhahi kalepatan; kados dene Gusti Yesus anggenipun madosi menda setunggal ingkang ketriwal, amargi menda menika –nadyan namung setunggal- aji.
Kados pundi marginipun supados sedherek kita ingkang kita welehaken menika yakin bilih asmanipun mboten badhe dipun wirangaken? Kita kedah nggadhahi komitment (janji) dhateng diri kita piyambak bilih mboten badhe nyritakaken kalepatanipun tiyang sanes dhateng sintena kemawon. Kejawi yen tiyang menika mboten saged dipun tuturi, lajeng kita lapuraken dhateng pradataning pasamuwan. [ST]
“Wong kang seneng ngrasani lupute liyan, ora ngajeni Gusti kang nitahake manungsa kabeh.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar