Senin, 02 September 2013

Sugih Ning Sedhih

Waosan: Mateus 19 : 16 – 22. 
Pamuji: 
KPK 185
Umumipun tiyang sugih banda punika bingah gesangipun. Mekaten pamawasipun tiyang kathah. Ananging ing waosan punika, kita sami maos tiyang neneman ingkang sugih punika sedhih manahipun karana kathah bandhanipun. Punapa sebabipun?
Neneman punika rumoas bilih gesang langgeng saged dipun upadi srana pandamel sae, srana netepi sedaya pepakenipun Gusti, utawi srana usahanipun manungsa. Pandamel sae, netepi pepakenipun Gusti pancen sae lan kedah kita tindakaken. Gusti dhawuh dhateng neneman punika, wonten satunggal prakawis ingkang kirang inggih punika: nyade sedaya barang darbekipun lan kadanakaken dhateng tiyang miskin. Punika ingkang karaos awrat lan ndadosaken neneman sugih punika sedhih karana kathah barang darbekipun. Tiyang neneman punika “katantang” mbuktekaken katresnanipun dhateng sesami lan ngabdi dhateng Gusti kanthi gumulonging manah. Tiyang neneman punika sedhih, karana kasugihanipun punika miturut Gusti Yesus sampun ngantos kangge dhirinipun piyambak ananging ugi ngengetana dhateng tiyang miskin. Mekaten ugi Gusti ngersakaken sampun ngantos dados pambengan anggenipun ngabdi dhateng Gusti. Gesang langgeng mboten saged katumbas srana bandha.
Pandamel sae lan netepi dhawuhipun Gusti punika sae lan kedah kita tindakaken, ewasemanten sampun ngantos lajeng namung kandheg ing ngriku, ndadosken dhiri pribadi dados punjering gesang. Sedaya ingkang kita tindakaken kedah kinanthenan pangabdi kita dhateng Gusti kanthi gumolonging manah lan katresnan kita dhateng sesami kados dhateng badan kita piyambak. Sugih barang darbe ingkang kaginakaken ngabdi dhateng Gusti lan tresnani dhateng sesami mesthi mboten ndadosaken kita sedhih. Malah tansah bingah awit kita tansah kaagem dening Gusti dados talanging berkah dhateng sesami. Gusti mboten ngawisi kita dados tiyang sugih. Malah tiyang Kristen kedah sugih samukawis, ananging sampun ngantos kita dados kadonyan. Amin. [SS]
“Kasugihan nyurung mring urip langgeng yen kagem pakaryane Gusti lan nresnani sesami.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar