Selasa, 10 September 2013

Duwit Gobeeeer….

Waosan: Mateus 23:23-26.
Pamuji: 
KPK 51
Nats : “Kowé wong Farisi sing picak. Resikana dhisik njeroné cangkir lan piring-piring kuwi, supaya njabané iya bisa dadi resik!” (ayat 26)
Ing laladan Ponorogo lan kiwa tengenipun mastani dhuwit kricik/cring menika dhuwit gober. Kejawi kenging kangge nenumbas ugi nggadhahi guna sanes. Padatan arta Gober Rp 5,-  kenging kangge kerokan tiyang masuk angin. Manawi dipun tingali, arta gober ingkang gadhah 2 sisi (rai) menika kalebet multifungsi(warni-warni paedah). Gober tegesipun nggadahi 2 rai, inggih menika sisih kiwa lan sisih tengen, ingkang mureb lan ingkang mlumah. Sinaosa ketingalipun celak awit ing setunggal awak, nanging kasunyatanipun ungkur-ungkuran. Dados, estunipun tebih sanget kawontenan wujuding rai setunggal lan setunggalipun.
Kita lan mbokbilih saperangan umat Kristen, nggadhahi sikep kadosdene arta gober menika. Mapan ing badan setunggal menika, tiyang saged gesang ing 2 sisi ingkang benten sanget. Setunggal perangan kita dados tiyang Kristen ingkang sae, sregep dhateng greja, malah saged kapilih dados anggota Majelising pasamuwan. Nanging ing perangan sanes kita ugi saged kaseret ombaking gesang dados tiyang ingkang duraka, wengis, mancahi lan tebih saking garis marginipun Gusti Yesus.
Gusti Yesus sampun paring piwucal supados kita “ngresiki dhisik njerone cangkir lan piring”, supados njawinipun saged tumut resik. Manawi lebeting pribadi kita kemawon sampun nggadhahi 2 rai ingkang cengkah, mesti njawinipun inggih duraka.
Prmila waosan kita dinten menika ngemutaken, bilih kita sampun namung resik ing njawi, ketingalipun kemawon, nanging wigatos supados resik lebetipun. Manawi lebetipun dipun kuwaosi dening kersanipun Gusti Yesus, mesthi njawinipun/ tampilanipun inggih resik lan sae. Sampun ngantos kados dene arta gober, dados tiyang Kristen ingkang nggrejani, nanging ugi dados tiyang ingkang kebak dosa awit saking kathahing kadurakan. Sampun ngantos kita dados tiyang Kristen  ingkang dipun kuwaosi dening kawengisan lan tumindak ingkang tebih saking marginipun Gusti Yesus. [HS]
“Ati kang padhang agawe patrap nyunarake kamulayning Sang Kristus.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar