Selasa, 24 September 2013

Basa Roh Mboten Piguna ?

Waosan : I Korinta 14: 1 – 12. 
Pamuji : KPK 293
Basa Roh inggih punika ngendikan secara “ekstatis”, nggangge basa tertamtu ingkang biasanipun mboten dipun mangertosi dening tiyang ingkang ngendikan lan ingkang mirengaken. Ingkang sejatosipun katujokaken dhateng Allah, mboten dhateng manungsa. Basa Roh mbangun diri pribadinipun ingkang ngendikan.
Basa Roh mboten piguna dipun agem ing pangabekti umum, kejawi wonten ingkang jarwakaken (tiyang sanesipun ingkang ugi rawuh ing pangabekti punika ingkang nggadahi “talenta” jarwakaken). Basa Roh kedah dipun jarwakaken, sebab menawi mboten, sami kadosdene pirantos ingkang tanpa nyawa ingkang saget mungel, kadosta : suling, clempung,……(7-9 kawaosa!)
Basa wonten gina paedahipun menawi dipun mangertosi dening ingkang ngendikan lan ingkang mirengaken. Awit sedaya basa punika tujuanipun kangge sarana “komunikasi” ingkang saged dipun mangertosi. Menawi mboten saged dipun mangertosi, tiyang ingkang ngendikan lan tiyang ingkang mirengaken dados tiyang manca. Dados basa ingkang tanpa gina.
Tiyang-tiyang Kristen ing Korinta ngudi kanthi saestu supados saged angsal peparing-peparing Roh Suci (karunia-karunia Roh Kudus), awit punika dados pratandha “kehadiran dan karya Allah”. Ananging namung sawetawis peparing Roh ingkang migunani kagem pambanguning pasamuwan ing pangabekti lan peladosanipun. Inggih peparing punika ingkang kedah tansah dipun udi kagem kabetahanipun pasamuwan secara wradin lan mboten kangge “kepuasan diri” ingkang mboten asipat rohani.
Kita pitados bilih Gusti paring ganjaran wedharing Roh Suci dhateng para pitados/kita tiyang Kristen, ananging punika sedaya kedah kangge kaperluanipun tiyang katah (I Kor 12: 7-10). Sarta ganjaran wedharing Roh Suci punika peparing miturut karsanipun Gusti (I Kor 12: 11). Kita mboten saged ngroda peksa Gusti supados maringi ganjaran Roh Suci (ganjaran tertamtu miturut pikajeng kita). Sumangga ngulinakaken basa kita, supados omong saomong dipun mangertosi dening sedaya tiyang lan migunani kagem pambanguning pasamuwan. [SS]
“Basa sing paling apik yaiku sing bisa dingerteni kabeh wong.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar