Jumat, 20 September 2013

Mukti Siji Mukti Kabeh

Waosan : I Korinta 12 : 12 -26.
Pamuji: KPK 314
Nats : ”Mulane yen ana perangan siji lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake, menawa siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.” (ayat 26)
Badan wadhag kadadosaken gegambaranipun pasamuwan ingkang katunggilaken dening Sang Kristus. Kita sedaya saking warni-warni suku bangsa, bangsa utawi saking ras punapa kemawon, kanthi kasagedan lan kaprigelan piyambak-piyambak sampun kadadosaken setunggal. Sedaya tiyang ingkang kabaptis punika kalebetaken ing patunggilan ingkang gesang dados sariranipun Sang Kristus.
Gagasan kados badan ingkang nggadhahi perangan ingkang boten namung setunggal nanging kathah, menika kedahipun boten sami pasulayan rebat piguna. Nanging sageda bantu-binantu. Punapa malih ing antawisipun peranganing badan mesthi wonten ingkang kiyat, wonten ugi ingkang ringkih. Nanging kekiyatan lan karingkihanipun peranganing badan punika boten saged dipun sanggi piyambakan.
Badan perlu sanget kathah perangan, supados saged nglampahi tugasipun ingkang manekawarni. Gusti Allah kanthi wicaksana paring warni-warni perangan kangge saben badan satunggal. Lambaranipun inggih namung rancangan pakaryanipun Gusti Allah. Warni-warni perangan katitahaken supados sami sangkul-sinangkul murih kelampahing pakaryanipun Gusti.
Ing gesanging pasamuwan ingkang tunggil kita dados kados dene peranganing badan. Wonten ingkang dados mripat, wonten dados talingan, wonten ingkang dados asta, dados suku, lsp. Kita sedaya kakempalaken dados satunggal supados sangkul-sinangkul, tulung-tinulung; supados yen wonten perangan ingkang sakit, wonten pitulungan saking sanesipun; supados yen wonten ingkang mukti utawi ingajenan, sanesipun ugi ndeherek mukti. Kanthi nglampahi menapa ingkang tugas kita, kita lumebet wonten ing rancangan pakaryanipun Gusti.
Sumangga kita buktekaken ing gesang patunggilan bilih kita pancen dados perangan ingkang piguna kagem sawetahing badan / pasamuwan. Kanthi mekaten kita ugi ndherek nyanggi menawi wonten sedherek ingkang sakit, lan ndherek bingah menawi wonten sedherek ingkang bingah. [BPur]
Peranganing badan badhe piguna menawi kaparingan kesempatan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar