Senin, 30 September 2013

Gusti Yesus Romantis ?

Waosan: Lukas 7:1-10. 
Pamuji:
 KPK 344
Nats
 : Bareng mireng aturé perwira mau, Gusti Yésus gumun banget. Panjenengané nuli mirsani wong akèh sing padha ndhèrèkaké sarta ngandika: “Aku durung tau tumon pengandel sing semono gedhéné, senajan ing antarané wong Israèl pisan.” (ayat 9)
Titikanipun tiyang ingkang romantis inggih menika remen ngalembana tiyang sanes. Sinaosa damel remen, nanging ngalembana tiyang ugi saged dados mboten sae, mila kedah empan papan. Ngalembana tiyang aben ajeng kirang prayogi, nedahaken tiyang penjilat, kados Patih Sengkuni. Ngalembana ingkang kaladuk mboten cunduk kaliyan kasunyatan ketawis manawi tiyang gunggungan. Lajeng Gusti Yesus menika romantis menapa mboten? Manawi kula ingkang mastani (nyuwun pangapunten) Gusti Yesus menika mboten romantis. Manawi kita tliti awis-awis ngalembana dhateng sinten kemawon. Mila manawi Gusti kepareng ngalembana, mesthi kemawon tiyang menika pinunjul lan istimewa. Gusti Yesus, ing cariyos menika ngalembana perwira Romawi.
Lajeng menapa  pinunjulipun Perwira Romawi menika? Manut panaliten keistimewaanipun Perwira Roma, inggih menika: 1) Sabar drana dhatengtiyang alit, nggatosaken abdinipun ingkang sakit, ikhtiar ngupaya tamba. Setunggaling perwira pinunjul purun nresnani abdi ingkang remeh. 2) Nggadhahi kepekaan sosial, kathah nanem kesaenan satemah dipun sumuyuti dening pengagenging Tiyang Yahudi. 3) Loma, kanthi misungsungaken bandhanipun kagem mbangun sinagoge.  4) Andhap asor, nglenggahaken derajadipun Gusti Yesus sanginggilipun minangka pangageng, mboten rumaos sadrajad menapa malih sangandhapipun. Ingkang pungkasan (5) Kapitadosanipun kandel, nuwuhaken pitepangan ingkang leres dhateng pribadinipun Gusti Yesus. Mila pitados estu bilih Dhawuhipun Gusti kemawon saget maluyakaken abdinipun.
Menapa kinten-kinten kita pantes nampi pangalembana saking Gusti Yesus? Menapa namung pantes nampi pangalembana saking tiyang? Kojur malih manawi mboten dados pangalembananipun brayat, malah dados watu sandhungan regeding brayat. Mangga kita metani diri pribadi kita. [HS]
“Wong kang dhemen ngalem awake dhewe, sejatine ngasorake awake dhewe.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar