Kamis, 26 September 2013

Ndhisiki Tumindhak Becik

Waosan : Lukas 6:27-38.
Pamuji: KPK 258
Nats : “Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong liya.” (ayat 31)
Rikala taksih kuliah wonten Malang lan Surabaya, saben dinten Jumat-Minggu kula kedah asring numpak bis awit kedah wangsul dhateng Malang lan Magetan. Ngantos pinten-pinten tahun. Ingkang tansah kula enget inggih menika nalika ngebis kedah jejer tiyang sanes. Kula nggadhahi kebiasaan tanglet rumiyin, umpaminipun: “ibu/bapak/mas/mbak mau ke mana?” Inggih namung sawetawis kangge mbikak swasana basa-basi. Adatipun lajeng tiyang menika dados sae, sumanak, lenggahipun mingset pratanda suka ngedum perangan kursi. Benten sanget wekdal sanes rikala kula kendel mboten purun mbikak ginem, awit nggih sok-sok wegah, nyatanipun tiyang ingkang ing sisih tetep egois, lenggahipun sasekecanipun ngantos kula kadhesek. Sikepipun inggih kirang sumanak. ///
Meh saben dinten kita mrangguli kathah selebritis lan tokoh politik ingkang gugat-menggugat pegatan semahipun. Sababipun sami-sami teguh mboten purun ngalah. Kamangka sampun cetha, manawi kepingin dipun tresnani ugi kedah nresnani. Ugi awit kirang raos pangapura dhateng semahipun. Mila leres sanget waosan dinten menika paring pemut, “apa sing kok karepake supaya ditindakake dening wong liya marang kowe, kuwi tindakna marang wong liya.” ///
Mila mangga, manawi kita pingin dipuntresnani kanthi temen dening semah, brayat lan tiyang sanes, kita ugi kedah nresnani piyambakipun. Manawi sami-sami ngugemi ayat menika mesthinipun sedaya sami nggadhahi ati ingkang legawa, seneng ngalah lan kebak pangapura. Sedaya tiyang ringkih, mila saged tumindak lepat. Rukunipun kulawarga awit saking raos mad-sinamadan, daya-dinayan kairing kebaking pangapura. Ingkang sampun dipun dadosaken setunggal ing talining kulawarga, mboten saged dipun pisahaken dening manungsa, kadosa pundi kawontenanipun. Manawi wonten cacad ciri kepleseting sisihan, kedah agung pangapuranipun. Menawi kita pingin pikantuk pangapura mila ugi kedah remen ngapura tiyang sanes, sinaosa sampun damel binggeting ati. [HS]
“Ndhisikana tumindak becik, yen kowe kepingin wong liya tumindak becik.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar