Senin, 16 September 2013

Ngentir Ora Kentir

Waosan: 1 Korinta 10: 14-11:1       
Pamuji: 
KPK 105: 1,2
Nats
 : “……Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa wae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (ayat 31)
Gesang sesarengan ing satengahing masyarakat pancen mboten gampil, punapa malih kita minangka tiyang Kristen Jawi. Menawi klentu mapanaken dhiri lan kirang srawung, kita saged kaanggep eksklusif (sok suci). Gusti Allah mboten remen menawi para putranipun tetunggilan (raket) kaliyan  roh reged. Ananing Gusti Allah ugi ngemutaken menawi kita kedah ngudi “kasenengane liyan tinimbang untunge dhewe.” Kalih perkawis punika asring cengkah (bertolak belakang) wonten ing kasunyataning gesang.
Kitha Korinta punika kitha perdagangan lan kabudayan sarta pusat penyembahan dewa-dewi. Tamtu dados satunggal pergumulan kagem tiyang Kristen rikala semanten. Rasul Paulus minangka abdinipun Gusti paring pitutur menawi tiyang Kristen mboten pikantuk eksklusif ing gesang pasrawungan. Sampun pilih-pilih tetedhan, unjukan ingkang dipunsade lan mbokmenawi dipunparingi dening tiyang sanes. Punika dados tantangan kagem tiyang Kristen Yahudi ingkang taksih ngugemi bab halal haram. Sedaya kedah katampi kanthi pemanggih enggal bilih bumi saisinipun punika titahipun Gusti ingkang sae. Kejawi menawi wonten pemanggih bilih tetedhan lan omben punika katujukaken kangge brahala, kita kedah waspada.
Mboten saged dipunselaki bilih kabudayan jawi punika taksih nguri-uri ritual-ritual ingkang dipunpitadosi dados piranti kawilujengan (slametan). Wonten saperangan tiyang Kristen jawi ingkang njagi kaimananipun kanthi gebyah uyah menawi kaaturan  kenduren, slametan, mitoni, petang puluhan mboten ndherek ngrojongi.
Pituturipun Rasul Paulus punika saged dados cepengan kita. Kita tetap saged mujudaken tresna kanthi ngrojongi kabingahan utawi kasisahanipun sedherek kita tanpa was sumelang. Punapaa kemawon ingkang dipun segahaken saged kita tampeni kanthi saos sokur lan panyuwun saha keyakinan dhumateng Gusti. [PKS] 
“Gusti Yesus, Paduka lenggah kaliyan tiyang-tiyang dosa supados kawula ugi saged lenggah kaliyan Paduka.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar