Rabu, 18 September 2013

Besuk Ning Ngganggu

Waosan: Lukas 4:38-44.   
Pamuji:
 KPK 116
Nats : “Ibuné maratuwa Simon lagi lara panas lan ana wong sing padha ngaturi pirsa bab kuwi marang Gusti Yésus. Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané.” (ay. 38b-39a)
Wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang nandhang sakit sanget, opname ing Rumah Sakit, mbetahaken ngaso total. Warga menika priyantun ingkang sae lan kalebet orang penting ing pasamuwan: mantan anggota PHMJ, Ketua Panitia Pembangunan Gedung Gereja. Sedherek menika lan brayatipun mboten ngersakaken tiyang kathah (sedaya warga pasamuwan) nyumurupi anggenipun sakit; namung sawatawis kemawon ingkang dipun aturi pirsa. Kenging menapa kok mboten ngersakaken tiyang kathah nyumurupi sakitipun?
Kathah tiyang mboten mangertos tumindak ingkang prayogi tumrap tiyang ingkang saweg nandhang sakit. Temah menawi sami nuweni sedherek ingkang sakit mboten ngentheng-enthengi panandhangipun, nanging malah mengganggu. Ingkang sakit lajeng mboten saged ngaso, saya sayah karana nyalami tiyang kathah, kamaripun pengab karana kekathahen tiyang lumebet. Ingkang sakit malah saya kuatos lan ajrih karana dipun criyosi bab pisakitipun tiyang sanes ingkang wusananipun seda. Ingkang sakit bingung karana kathah ingkang paring pitutur lan pitedah obat alternatif, mangka sampun pitados dhateng obat lan perawatanipun dokter.
Kita saged sinau saking 3 pihak ing waosan kita dinten menika:
1.     “…wong sing ngaturi pirsa … Gusti Yesus.” Kita ndongakaken ingkang sakit ing griya kita utawi sesarengan ing greja.
2.     Gusti Yesus. Panjenenganipun asring lumebet ing kamaripun  ingkang sakit namung ngajak sakabatipun 3. Yen kita sesarengan tiyang kathah nuweni tiyang sakit, kedah gegantosan mlebet ing kamaripun si sakit; mekaten ugi nalika ndedonga nggih cekap tiyang sekedhik kemawon.
3.     Marasepuhipun Simon namung pasrah sawetah. Nanging sareng saras tumunten ngladosi para tamunipun. Yen kita sakit prayogi kita pasrah sawetah dhateng panguwasanipun Gusti, sarta nedya lelados dhateng Gusti lan sadaya tiyang menawi sampun saras. [ST]
“Gusti mugi nuntun kawula, supados sampun ngantos tumindak kawula nambahi panandhanging asanes!”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar