Jumat, 06 September 2013

Sesambetan Raket

Waosan: Mateus 22: 34-40.
Pamuji: 
KPK 165
Nats : “Sira tresnaa marang Gusti Allahira klawan gumolonging atinira, gumolonging nyawanira lan gumolonging budinira… Sira tresnaa marang pepadhanira, dikaya marang awakira dhéwé.” (Ayat 37, 39)
Sadaya angger-angger (peraturan) ingkang katetepaken limrahipun wonten dhasar lan tujuanipun. Yen makaten, menapa dhasar lan tujuanipun Gusti paring angger-anggeripun ingkang utami menika?
Angger-angger katresnan menika dhedhasar sesambetanipun Gusti Allah lan manungsa. Klayan angger-angger menika Gusti Allah mangun sesambetan enggal ingkang raket lan endah kaliyan manungsa, manungsa ingkang ringkih, sekeng lan miskin menika. Gusti Allah mangun sesambetan ingkang tresna-tinresnan, kados dene sesambetaning brayat. Menika sanes sesambetan pangawulan (perbudakan), sanes sesambetanipun abdi lan bendara.
Ing sesambetan ingkang raket menika wontenipun katresnan, karaharjan, katentreman lan kabingahan. Yen sesambetan pangawulan wontenipun printah lan pangersula, karana dhasaripun manungsa menika boten remen kaprintah lan dipunreh (dikuasai). Gusti Allah boten nedya ngereh (menguasai) manungsa, nanging nedya nresnani manungsa.
Yen dhasaripun menika sesambetan ingkang raket lan wontenipun karaharjan, katentreman lan kabingahan, pramila yen manungsa menika manut dhateng Gusti Allah menika boten karana dipun reh, nanging karana dipun tresnani. Anggenipun mbangun turut dhateng Gusti Allah menika boten karana ajrih dhateng paukumanipun Allah, nanging karana tresna lan urmat dhateng Allah. Anggenipun mbangun turut menika kanthi sawetahing gesangipun.
Kalayan angger-angger menika Gusti Allah wonten ing Sang Kristus nedya mangun sesambetan ingkang raket ing antawisipun sadaya manungsa. Sesambetan ingkang tinangsulan katresnan, ingkang tumuju dhateng karaharjan, katentreman lan kabingahan. [ST]
Tanpa ngajeni, mbelani lan mitulungi tiyang sekeng lan miskin, kita dereng saged kawastanan netepi katresnan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar